Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa untuk Pengajian

- 24 April 2022, 17:00 WIB
Ilustrasi Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa untuk Pengajian
Ilustrasi Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa untuk Pengajian /pixabay.com/mufidpwt

Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.

Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda.

Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika.

Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai (....) kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan (……) dalu punika.

Dhumateng almukarrom kyai (....) wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom kyai ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika.

Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.

Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x