Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa untuk Pengajian

- 24 April 2022, 17:00 WIB
Ilustrasi Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa untuk Pengajian
Ilustrasi Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa untuk Pengajian /pixabay.com/mufidpwt

Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT.

Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek (....)wekdal kasumanggaaken.

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun.

Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek/Bapak (....) wekdal kasumanggaaken.

Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu (....)

Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja.

Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.

Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana (....).

Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Ahmad saha Bapak Pangestu minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x