Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa untuk Pengajian

- 24 April 2022, 17:00 WIB
Ilustrasi Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa untuk Pengajian
Ilustrasi Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa untuk Pengajian /pixabay.com/mufidpwt

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak (ketua panitia atau yang ditunjuk)

Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai (....)

Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa)

Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara pengaosan ing dalu punika.

Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT.

Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan.

Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).

Matur nuwun.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedherek (....)

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x