Contoh Teks Khutbah Idul Adha 1443 H Bahasa Jawa, Hakikat Idul Adha Atau Idul Kurban

- 8 Juli 2022, 17:00 WIB
Teks Khutbah Idul Adha 2022 : Wabah Adalah Ujian, Bersabar dan Tak Boleh Putus Asa Terus Berikhtiar
Teks Khutbah Idul Adha 2022 : Wabah Adalah Ujian, Bersabar dan Tak Boleh Putus Asa Terus Berikhtiar /Freepik/

Lan sampun memper bilih haji mabrur meniko piwalesipun suwargo. Rosululloh SAW:

وَالحَجُّ المَبْرُورُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ الّا الْجَنّة. (رواه البخاري ومسلم)

“Haji mabrur iku ora ono piwales kang sepadan kejobo suwarga”.

Ma’asyirol muslimin hafidhokumulloh

Allahu Akbar x 3 Walillahilhamd

Idul Adha ugi saget dipun artosaken Riyoyo Kurban. Jalaran wonten ing saminipun dinten meniko nabi Ibrahim as dipun uji deneng Allah. Nabi IbrAhim a.s. pikantuk wahyu supados ngurbanaken/mragat putrAnipun ingkang nami Ismail a.s. Injangipun nabi Ibrahim rumahos susah, kranten Ismail meniko putro ingkang taksih ngancik umur kekanak-kanakan, ingkang taksih lucu-lucunipun ingkang saget menghibur tiyang sepuhipun. Lajeng perkawis meniko dipun rundingaken daten putro Ismail. Al-Qur’an mengabadikan meniko:

يَا بُنَيَّ إنِّى أرَى فِى المَنَام أنِّى أذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى. قَالَ يَا أبَتِ افْغَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِى إنْ شَاءَ اللهُ مِنَ الصَّابِرِيْنَ.

Nabi Ibrahim as ngendiko: ”He ngger putraku, saktemene ingsun nompo wahyu impen rupo dawuh supoyo ngurbanake sliramu. Mangko cobo pikiren kepriye mungguh panemu mu? Ismail matur: “Duh romo, mangga kulo aturi ngleksanaaken printahipun Allah. InsyaAllah panjenengan bade pinanggih kawulo termasuk golonganipun tiyang engkang sabar”. Lajeng tiyang kaleh (Ibrahim lan Ismail) bidal menuju dateng panggenan ingkang sepi”.

فَلَمَّا أسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِيْنِ. وَنَادَيْنَا أنْ يَا إبْرَاهِيْمُ, قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا إنَّا كَذَلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ. إنَّ هَذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِيْنُ. وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ

“Ing naliko tiyang kekalih sampun sami pasrah dateng Allah, Ismail sampun sare miring, nabi Ibrahim sampun nyelehaken pedang wonten ing gulunipun Ismail, lajeng wonten pengundang-undang ingkang mboten wonten rupinipun: He Ibrahim, siro wes ngestuake wahyu impen. Saktemene ingsun bakal maringi piwales ganjaran marang wong-wong kang podo laku bagus. Saktemene iku kabeh mung ujian iman kang terang. Mongko saiki Ingsun aweh tebusan wedus kang gede saking ngersoningsun, potongen kanggo kebungahan”.

Halaman:

Editor: Taufiqurrohman

Sumber: PCNU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini