Contoh Teks Khutbah Idul Adha 1443 H Bahasa Jawa, Hakikat Idul Adha Atau Idul Kurban

- 8 Juli 2022, 17:00 WIB
Teks Khutbah Idul Adha 2022 : Wabah Adalah Ujian, Bersabar dan Tak Boleh Putus Asa Terus Berikhtiar
Teks Khutbah Idul Adha 2022 : Wabah Adalah Ujian, Bersabar dan Tak Boleh Putus Asa Terus Berikhtiar /Freepik/

مَا مِنْ أَيَّامٍ الْعَمَلُ فِيهِ أَفْضَلُ مِنْ عَشَرِ ذِي الْحِجَّةِ، قِيلَ: وَلا الْجِهَادُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ؟ قَالَ :« وَلاَ الْجِهَادُ فِى سَبِيلِ اللَّهِ إِلاَّ رَجُلٌ خَرَجَ بِنَفْسِهِ وَمَالِهِ ثُمَّ لَمْ يَرْجِعْ مِنْ ذَلِكَ بِشَىْءٍ. ) رواه البخاريُّ)

Rasulullah SAW ugi dawuh:

سُئِلَ عَنْ يَوْمِ عَرَفَةَ, فَقَالَ: يُكَفِّرُ السَّنَةَ المَاضِيَةَ والْبَاقِيَةَ. (رواه مسلم)

“Rasulullah dipun suwuni perso pasa wonten dinten ‘Arofah, lajeng dawuh: ‘Nglebur dosa setahun kang wes klewat lan doso setahun kanga arep teko”.

Ma’asyirol muslimin hafidhokumulloh

Allahu Akbar x 3 Walillahilhamd

Idul Adha ugi saget dipun artosaken Riyoyo Haji. Kranten ing dinten meniko dinten ipun nindaaken ibadah haji. Jutaan kaum muslimin ingkang mampu saking pundi-pundi negari sami rawoh wonten ing Mekkah Al-Mukarromah. Sami nindaaken rukun-rukun lan wajibipun haji. Wonten ing injing meniko jamaah haji sami melontar Jumroh Aqobah wonten ing Mina. Lajeng nerusaken Thowaf Ifadhoh wonten ing Ka’bah, lajeng Sa’i, lajeng Tahallul Awal.

Ibadah haji meniko setunggalipun ibadah ingkang mbetahaken pinten-pinten kesiapan. Kesiapan fisik, materi, lan ugi kesiapan mental. Kesiapan fisik kados kekiyatan badan saha kesehatan. Kesiapan materi kados ongkos perjalanan tuwin nafaqoh keluarga ingkang dipun tilar. Dene kesiapan mental kados siap nilar pangandikan ingkang awon saha poro padu selaminipun ibadah haji. Ibadah haji ingkang mbetahaken pinten-pinten bekal meniko menawi katindaaken kanthi estu, senahoso nandang kepayahan lan rekaos tamtu mboten sekedik piwalesipun. Ingantawisipun, ibadah haji saget nuceni lan ngumbah sedaya doso. Rosululloh SAW dawuh:

حُجُّوْا فَإنَّ الْحَجَّ يَغْسِلُ الذُّنُوْبَ كمَا يَغْسِلُ المَأءُ الدَّرَنَ. (رواه الطبرانيّ)

“Hajio siro kabeh, saktemene haji iku biso nuceake doso koyo anggone banyu ngresiki kotoran”.

Halaman:

Editor: Taufiqurrohman

Sumber: PCNU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah