Contoh Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Idul Adha 1443 H, Sawega Ing Diri Kagem Nindakaken Kurban

- 4 Juli 2022, 15:00 WIB
Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa Idul Adha 1443 H, sawega ing diri kagem nindakaken kurban.
Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa Idul Adha 1443 H, sawega ing diri kagem nindakaken kurban. /Pixabay.com/AzamKamolov

Sarta pangorbananipun Nabi Ibrahim ingkang tansah pasrah sumarah mring titahing Allah supados ngurbanaken putranipun ingkang paling dipun trensani piyambak, Ismail, nadyan ta ing wusana Ismail kagantos domba dening Allah SWT.

Cariyos kekalipun kalawau minongka piwulang tumrap kita. Sumangga kita ngurbanaken bandha donya kita kagem Allah SWT. Sumangga ngorbanaken wekdal kita kagem nindakaken sholat berjama’ah. Sumangga kita ngorbanaken wekdal kagem ningali TV kagem maos ayat-ayat al-Qur’an. Sumangga kita ngorbanaken wekdal sare kita kagem munajat ndhedheple wonten ngarsaning Allah SWT wanci tengahing ratri.

Kaping tiga, samangsanipun kita sampun nindakaken kurban, sayogyanipun sadaya daging kaparingaken mring tiyang miskin utawi ugi pareng marang tiyang sugih. Sanadyan ta kita kaparengaken nedha dumugi sapratelon saking dagingipun, ananging ingkang langkung prayogi namung mundhut sacekapipun utawi wonten tembung fiqh, sinebat luqmatun utawi luqoimaatun (satunggal pulukan atau pinten-pinten pulukan alit) minongka sarana kaalap sawab barokah saking ngibadah kurban kasebut.

Ingkang langkung utami kagem sarana den alab barokahipun inggih punika peranganing atinipun hewan kurban. Awit nuladha Rasulullah SAW (ittiba’urrasul) lan nedya supados kita saged mlebet swargi langgeng lan sagen ngrahapi wiwitaning tetedhan ingkang kaparingaken maring warganing swarga inggih punika ati (tafaaulan).

Baca Juga: Waktu Idul Adha di Indonesia dan Arab Saudi Berbeda, Kenapa? Simak Penjelasan Kemenag RI

Kenging punapa sayogyanipun sedaya daging kakurbanaken lan amung sakedhik ingkang katedha piyambak? Supados kita tuhu-tuhu ikhlas anggenipun nindakaken kurban minongka kapentinganipun Allah SWT.

Kaum muslimin sidang Jumat rahimakumullah

Ing pangajab, mugya kita saged nindakaken kurban kelawan kurban ing sayektosipun, ateges kurban kalawan hewan ingkang sampun katemtokaken ing angger-anggering agami sarta kurban kelawan surasa ingkang langkung wiyar kados dene ingkang sampun kandharaken.

جَعَلَ اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنْ الْفَائِزِيْنَ الْامِنِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُتَّقِيْنَ.

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَمَنْ يَشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ, وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِيْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.


اَلْخُطْبَةُ الُثَّانِيَةُ

Halaman:

Editor: Jumadi

Sumber: PCNU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x