Contoh Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Idul Adha 1443 H, Sawega Ing Diri Kagem Nindakaken Kurban

- 4 Juli 2022, 15:00 WIB
Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa Idul Adha 1443 H, sawega ing diri kagem nindakaken kurban.
Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa Idul Adha 1443 H, sawega ing diri kagem nindakaken kurban. /Pixabay.com/AzamKamolov

Ugi anggadhahi jejibahan ngurbanaken saperangan saking bandhanipun minangka jakat lan kangge tindak haji. Ugi, kedah nglampahi jejibahan arupi ngurbanakan kasukan kanthi lampah cegah dhahar lawan saresmi nalika anindakaken ngibadah siyam ing wanci Wulan Ramadhan.

Wosipun makaten, sadaya titah sawantah punika kedah nindakaken ngibadah kurban.

Wonten wekdal sapunika, kita badhe angandharaken bab kurban ingkang langkung mirunggan ingkang kajumbuhaken kalihan tanggal miwah kadadosan ingkang mirunggan ugi nenggih Wulan Dzulhijjah dalasan dinten Tasyriq inggih punika tanggal kaping 10, 11, 12 lan 13.

Ngibadah Kurban punika ngibadah ingkang amung kalampahan wonten ing wekdal kasebat. Allah SWT sampun paring dhawuh pangandika wonten ing al-Qur’an, ungelipun makaten.

اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ

Artosipun: "(He Muhammad) Ingsun paring bengawan kang aran Kaotsar marang sira. Mulane sira sembahyanga riaya, lan nyembeleha kurban. Satemene wong kang sengit ing sira iku wong kang pedhot becike." (QS. Al-Kautsar, 1-3).

Baca Juga: Berikut ini Link Download Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Syukur, Sabar, Meminta Maaf dan Memaafkan PDF

Ayat kalawau dipun kiyati dening satunggal hadis, ungelipun makaten.

مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ وَلَمْ يُضَحِّ, فَلَا يَقْرَبَنَّ مُصَلَّانَا

Artosipun: Sing sapa wonge katemben aneng kalodhangan (bab harta) ananging nora gelem anindakake ngibadah kurban maka aja pisan-pisan nyedhaki papan panggonan sembahyange kita.” (HR. Ibnu Majah (3123), Ahmad (2/321), al-Hakim (4/349), ad-Daruquthni (4/285), al-Baihaqi (9/260).

Halaman:

Editor: Jumadi

Sumber: PCNU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x