Contoh Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Idul Adha 1443 H, Sawega Ing Diri Kagem Nindakaken Kurban

- 4 Juli 2022, 15:00 WIB
Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa Idul Adha 1443 H, sawega ing diri kagem nindakaken kurban.
Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa Idul Adha 1443 H, sawega ing diri kagem nindakaken kurban. /Pixabay.com/AzamKamolov

Dalil kekalih kalawau minongka dhasaran tumrap madzhab Hanafi kagem hanyatakaken ing yenta ngibadah Kurban punika WAJIB hukumipun tumrap sok sinten ingkang kuwawi nindakaken kurban lan boten saweg tetindakan.

Miturut madzhab Syafi’i, hukuming Kurban sanes wajib, ananging sunnah muakkadah. Kados ingkang sampun dipun lampahi dening Abu Bakar lan Umar minongka bukti bilih kurban punika boten wajib.

Abu Bakar lan Umar nate boten nindakaken ngibadah kurban. Boten kurbanipun Abu Bakar punika ngemu suraos supados Kurban punika boten den anggep wajib dening para umat.

Madzhab Syafi’i ugi anggadhahi pamanggih bilih hadis ingkang dipun riwayataken dening Imam Tirmidzi (aku den prentah supaya nindakake kurban lan kurban iku sunnah ingatase sira kabeh) saha Imam Daruquthni (den wajibake ing atasku nindakake kurban lan ora den wajibake tumrap sira kabeh) punika angandharaken bilih Kurban punika ibadah wajib menggah Rasulullah SAW kewala, boten kawajibaken menggah umate. Tumrap umat Islam, kurban punika amung sunnah.

Hukum Wajib miturut madzhab hanafi lan Sunnah Muakkadah miturut madzhab syafi’i ngemu suraos tigang perkawis.

Baca Juga: Naskah Terbaru Khutbah Jumat Bahasa Indonesia Tema Pentingnya Menjaga Amanah Ilmu PDF

Sapisan, ngibadah Kurban punika ngibadah ingkang wigatos. Wonten salebeting hadis sampun katrangaken bilih sautama-utamaning amalan rikala dinten ariaya ‘idul adha inggih punika iroqutud dam (mragat hewan kurban ).

Pramila saking punika, supados kita boten nyimpang saking hadis Rasul ing nginggil, sayogyanipun inggih nindakaken kurban. Kita sisihaken saperangan harta kagungan kita kagem sarana nindakaken kurban ing dinten riyaya.

Langkung-langkung manawi sampun sesemahan, miturut madzhab syafi’i kaprayogekaken nindakaken kurban minongka nglampahi sunnah kifayah ateges sunnah nalika wonten ing satunggaling kulawarga wonten ingkang nindakaken utawi anglampahi maka hukum sunnah kalawau karampungaken.

Cobi dipun emut, punapa ingkang sampun kadhawuhaken dening Ibnu ‘Abbas bab Kurban puniki. Lamun sadhengah pawongan boten kuwawi kurban sarana domba utawi menda, prayoganipun ing dinten ariyaya ‘Idul adha nindakaken kurban sanadyan namung sarana ayam, itik, kelinci lan sanes-sanesipun minongka wujud iraqotud dam.

Kaping kalih, ngibadah Kurban punika minongka wujud kesadaran ing yen ta manungsa amung titah sawantah ingkang boten anggadhahi punapa-punapa lan boten anggadhahi daya kuwasa punapa-punapa. Kedah dipun emut-emut lelampahanipun tiyang kekalih ingkang sampun nindakaken kurban ing ngarsaning Allah inggih Habil Nabi Adam, putra ingkang sampun karsa ngurbanaken domba ingkang paling sae piyambak.

Halaman:

Editor: Jumadi

Sumber: PCNU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x