Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Bebas

- 5 Juni 2022, 22:00 WIB
Ilustrasi contoh Cerkak Bahasa Jawa tema bebas
Ilustrasi contoh Cerkak Bahasa Jawa tema bebas /etnis.id

Kelingan

Suara banyu kang gemricik nggawe ademe ati, ciprate banyu ana ing rai sansaya nyenengi. Ambune lemah kang wis sue ora kesiram banyu nekaake syukur kang ora bisa diukur.

Sore iki udan tiba ana ing sasi September. Sakwise ketiga kang ora kira-kira suene, nekaake cerita kang werna-werna. Saiki bisa syukur merga udan wis katon ana ing garep mata.

Susi lan Reni mbakyune, pada anteng ana ing ngarep jendela. Bocah loro mau padha anteng lan meneng ndeloki banyu udan kang pada tiba. Suara gluduk lan kilatane petir ora klalen ngrameake sore iki.

Kadhang nalika kilatane petir teka nganti ndadak, Susi njundel langsung ngekep Reni. Reni gur ngguyu nalika awake teka-teka dikekep adine sing keweden.

‘‘Ren, adhine dijaki mlebu rene, ja sue-sue le ndeloki udan. Adem mengka Ren.’’ Bapak nimbali saka mburi.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Acara Perpisahan Sekolah untuk SD, SMP dan SMA yang Baik

‘‘Inggih, Pak.’’ Reni ngajak Susi mlebu lungguh bareng bapak ibu.

Jenenge bocah cilik Susi ora gelem dijaki mlebu, malah dheweke pengen metu udan-udan nanging wedi marang gluduk.

Sakwise dirayu-rayu marang Reni, akhire Susi gelem mlebu lungguh bareng-bareng ana ing panggon keluarga. Bapak lan ibu lagi padha ngunjuk the anget nalika Reni nuntun Susi mlebu.

Halaman:

Editor: Jumadi


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x