Pidato Bahasa Jawa : Pengertian Singkat, Struktur, Cara Menulis Disertai Contoh

- 21 Mei 2022, 09:04 WIB
Pidato Bahasa Jawa : Pengertian Singkat, Struktur, Cara Menulis Disertai Contoh
Pidato Bahasa Jawa : Pengertian Singkat, Struktur, Cara Menulis Disertai Contoh /Pixabay/mufidpwt

Sholawat kaliyan salam kita sanjangaken dhateng nabi kekasih Allah swt. Nabi Muhammad saw. nabi ingkang sampun dugi puncak keilmuwan, ingkang sumerep sedaya hukum lebeting Al Qur'an.

Para hadirin ingkang diberkahi Allah.

Dinten puniki inggih punika tanggal 2 Mei, inggih punika dinten pengetan pendidikan nasional. Dinten puniki dados pangemut menawi pendidikan yaiku bab ingkang wigatos kangge bangsa Indonesia. Kados tujuwan indonesia ingkang sampun kacantum lebeting bebikak UUD 1945 alinea kaping sekawan. Indonesia ngutamikaken sanget pendidikan. Lebet nyengkuyung program pendidikan, pamarintah nyiapaken dana BOS supados sadayaning masyarakat Indonesia angsal nuntut elmi tanpa pambengan biaya. Dhawuhipun nuntut elmi ugi keserat lebet hadits Nabi Muhammad saw.

طَلَبُ اْلعِلْمْ فَرِثْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ

Ingkang artosipun nuntut elmi dados kewajibanipun kangge sedaya muslim. Tiyang ingkang nuntut elmi ugi dipunanggep wonten ing radosanipun Allah dumugi piyambakipun wangsul. Nuntut elmi  kelebet jihad dhateng Allah. Mila bilih wonten tiyang muslim ingkang pejah wekdal nuntut elmi piyambakipun ajeng seda lebet kawontenan syahid. Masyaallah. Mila puniku, wanci ajeng sekolah kedahipun kita meniatinipun kangge nuntut elmi . Pandamelan tanpa niat namung ajeng sia-sia. Sasampunipun dinten pengetan pendidikan nasioanal puniki, kita nginggahaken malih sengkuyung kita kangge ngenyam pendidikan wonten pundi mawon

Saderengipun nutup pidato kula, mangga kita ndonga dhateng Allah supados dipungampili lebet nuntut elmi .

رَبِّ زِدْنِي عِلْمًا، وَارْزُقْنِيْ فَهْمًا وَاجْعَلْنِيْ مِنَ الصَّالِحِيْن

Amin ya rabbal alamin. Cekap dumugi mriki gineman ingkang saget kula sanjangaken, matur nuwun kawigatosanipun.

Wassalamualaikum wr wb

Baca Juga: Contoh Teks MC Pengumuman atau Maklumat Sholat Jumat, Jelas dan Singkat

Halaman:

Editor: R. Nur

Sumber: Buku Gladhi Basa Jawa Kelas VI untuk SD/MI


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x