Contoh Teks MC Pranatacara Syawalan Bahasa Jawa, Cocok untuk Acara Halal Bihalal di Kantor, Sekolah, Desa

- 10 Mei 2022, 08:25 WIB
Contoh Teks MC Pranatacara Syawalan Bahasa Jawa, Cocok untuk Acara Halal Bihalal di Kantor, Sekolah, Desa
Contoh Teks MC Pranatacara Syawalan Bahasa Jawa, Cocok untuk Acara Halal Bihalal di Kantor, Sekolah, Desa /

Matur nuwun dhumateng Bapak Raharjo ingkang sapun mimpipin ikrar syawalan wonten ing wekdal punika. Mugi-mugi ikrar syawalan kula panjenengan sami dipun ijabahi dening Allah SWT, sahingga saget nambahi supeketing kekadangan warga RT 16. Aamiin

Mboten ngirangi kamardikan panjenengan sami anggenipun dhahar sarto ngunjuk sumangga adicara dipun lajengaken.

Adicara inkang kaping-enem inggih menika inti syawalan ingkang dipun aturaken panjenenganipun Bapak Ustad (...). Dhumateng panjenenganipun titilaksana kula caosaken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Ustad (...) ingkang sampun paring sabdatama syawalan wonten ing wekdal punika. Mugi-mugi kanthi sabdatama kalawau saget ndadosaken tambahing pangertosan saha kekiatan iman dhumateng kula panjenengan sami.

Para rawuh ingkang kinurmatan, adicara wiwit purwa madyo sampun kaleksanan kanthi wilujeng ing sedayangipun. Dumugi adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup.

Sumangga adicara kita pungkasi kanthi puji syukur waosan hamdalah. Alhamdulillahirobbil’alamin.

Saking kula minangka pranatacara menawi wonten kalepatanipun kawula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pentingnya Saling Memaafkan

Demikian contoh teks MC pranatacara Syawalan Bahasa Jawa.***

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x