Contoh Teks MC Pranatacara Syawalan Bahasa Jawa, Cocok untuk Acara Halal Bihalal di Kantor, Sekolah, Desa

- 10 Mei 2022, 08:25 WIB
Contoh Teks MC Pranatacara Syawalan Bahasa Jawa, Cocok untuk Acara Halal Bihalal di Kantor, Sekolah, Desa
Contoh Teks MC Pranatacara Syawalan Bahasa Jawa, Cocok untuk Acara Halal Bihalal di Kantor, Sekolah, Desa /

Sahengga kula lan panjenengan saged makempal ing sasana punika saperlu nindakaken syawalan ing dinten ingkang fitri.

Wonten ngarsanipun para pepunden pinisepuh ingkang satuhu pantes kapepundi sarto kinabekten.

Wonten ngarsanipun para bapak ibu sarta para kadang werda, muda, ingkang pantes kinurmatan.

Kawula nyuwun lumunturingsih pangaksami dhumateng handika sami, awit kula kumowantun hanggempil kamardikan panjenengan sami, awit kula kapiji kinen nderekaken lampahing hadicara punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan.

Gegandengan wekdal sampun dungkap siang, pramila adicara punika enggal dipun awiwiti.

Ananging sakderengipun adicara kawiwitan, kula waosaken rantamaning adicara ingkang badhe lumampah wonten ing kalodangan punika :

Pambuka

Pamaosing ayat suci Al-Qur’an

Sambutan

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x