Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Bebas

5 Juni 2022, 22:00 WIB
Ilustrasi contoh Cerkak Bahasa Jawa tema bebas /etnis.id

BERITA MATARAMAN - Berikut ini artikel yang membahas contoh Cerkak Bahasa Jawa dengan tema bebas.

Cerkak atau singkatan dari cerita cekak seringkali kita jumpai di mata pelajaran Bahasa Jawa.

Cerkak merupakan salah satu karya sastra yang terdapat dalam Bahasa Jawa.

Cerkak sendiri bersifat fiksi, yang mana hampir sama dengan novel namun dengan versi yang lebih pendek atau lebih panjang dari puisi.

Baca Juga: 33 Kosakata Bahasa Jawa Ngoko dan Krama Inggil yang Sering Digunakan Sehari-hari Lengkap dengan Artinya

Dalam Bahasa Indonesia, Cerkak disebut dengan cerpen atau cerita pendek.

Terkadang dalam pembelajaran Bahasa Jawa, kita juga akan diberi tugas untuk membuat sebuah Cerkak Bahasa Jawa.

Nah, bagi kalian yang masih bingung bagaimana cara membuatnya, berikut ada Cerkak yang bisa digunakan sebagai contoh.

Baca Juga: Yuk Mengenal Unggah Ungguh dalam Bahasa Jawa: Nguri-uri Budaya Jawa dalam Etika Sopan Santun

Kelingan

Suara banyu kang gemricik nggawe ademe ati, ciprate banyu ana ing rai sansaya nyenengi. Ambune lemah kang wis sue ora kesiram banyu nekaake syukur kang ora bisa diukur.

Sore iki udan tiba ana ing sasi September. Sakwise ketiga kang ora kira-kira suene, nekaake cerita kang werna-werna. Saiki bisa syukur merga udan wis katon ana ing garep mata.

Susi lan Reni mbakyune, pada anteng ana ing ngarep jendela. Bocah loro mau padha anteng lan meneng ndeloki banyu udan kang pada tiba. Suara gluduk lan kilatane petir ora klalen ngrameake sore iki.

Kadhang nalika kilatane petir teka nganti ndadak, Susi njundel langsung ngekep Reni. Reni gur ngguyu nalika awake teka-teka dikekep adine sing keweden.

‘‘Ren, adhine dijaki mlebu rene, ja sue-sue le ndeloki udan. Adem mengka Ren.’’ Bapak nimbali saka mburi.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Acara Perpisahan Sekolah untuk SD, SMP dan SMA yang Baik

‘‘Inggih, Pak.’’ Reni ngajak Susi mlebu lungguh bareng bapak ibu.

Jenenge bocah cilik Susi ora gelem dijaki mlebu, malah dheweke pengen metu udan-udan nanging wedi marang gluduk.

Sakwise dirayu-rayu marang Reni, akhire Susi gelem mlebu lungguh bareng-bareng ana ing panggon keluarga. Bapak lan ibu lagi padha ngunjuk the anget nalika Reni nuntun Susi mlebu.

Susi mlayu nyedaki ibuke, banjur lungguh ana ing pangkuane ibuke. Reni nyusul nang mburine banjur lungguh ana ing sisih kiwa ibune. Wis ana teh anget kang disediake kanggo awake.

Bapak crito nalika mbien isih ana ing jaman susah, kira-kira 4 tahun kepungkur. Nalika Susi isih bayi 3 sasi, Reni kelas 3 SMP nyedhaki ujian lan kakung gerah nemen.

Bapak bangkrut ana ing usahane, tokone tutup merga ora bisa nutup rugi. Isine toko entek didol kanggo nutup utang bank. Ibuk sing momong bayi ora bisa bantu apa-apa kecuali ngancani bapak ana ing wektu susahe.

Pancene wektu kui keadaane keluarga bener-bener susah, kanggo mangan bendinane ora bisa ngarani enak. Tabungane bapak ibu kora wani diowah kejaba kanggo keperluan sekolahe Reni lan kebutuhane Susi.

Diowah yen wis bener-bener mepet kayata ngenani kesehatan. Wektu kui uga kakung kom banjur kritis ana ing rumah sakit.

Baca Juga: Contoh Pranatacara Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa, Mudah Dipelajari

Gelem ora gelem, tabungan sing dijagaake kanggo sekolahe Reni lan Susi kudu kena owah. Duit tabungan entek kanggo ngrampungi urusane kakung karo rumah sakit.

Syukur isih turah kanggo bayar ujian Reni, yen ora palingan dheweke ora bisa kaya saiki lanjut kuliah. Ibuk mrebes mili ngilingi mau kui kabeh, nanging ora lali dheweke syukur marang Gusti marang kabeh sing wis kedaden.

Merga pitulunge Gusti ngirim Pak Tarjo kanggo ngajak bapak kerja ana ing omahe. Senajan gur dadi supir, nanging kui mbantu tenan. Susi kang urung mudeng werna-werna bingung weruh ibune nangis.

“Ibuk kena apa? Kok ibu nangis. Susi ora nakal ibu.’’ Susi menyat ngekep ibuke.

“mboten napa-napa ndhuk. Ibuk saweg seneng kok, seneng nggadahi putri kang solehah kaya dene mbak Reni kalih Susi niki.’’ Jawabe ibuk sinambhi ngelus rambute Susi.

Reni uga ngilingi kabeh-kabeh sing wis kedaden, merga perkata mau dheweke bisa luwih mengerti susah urip. Tekan mangsane kudu rekasa ana ing panggon adoh saka wong tua, Reni wis ora kaget yen kabeh-kabeh kudu dhewe.

Reni saiki dadi bocah kang bisa diandalke marang bapak ibuke. ‘’Aja lali olehmu syukur marang sing Kuasa ya ndhuk. Aja lali ngibadahe mbok jaga.

Yen awakmu ana apa-apa aja lali crita marang Gusti Allah njaluk dalane. Bapak uga ibuk iya siap ngurngokna ceritamu kui.’’ Reni manthuk-manthuk karo ngempet tangis.

Ora nyangka yen dheweke nganthi bisa kuliyah ana Jogja, ana Universitas kang klebu 10 paling apik se Indonesia kui. Kabeh ora disangka lan ora dinyana marang Reni.

Merga wis tau ngalami susah sing sesusah-susahe maraake Reni nduweni tekad kang gedhe kudu dadi wong sukses. Kudu bisa nggayuh kekarepane tanpa mbebani bapak ibuke kang nemen.

Baca Juga: Pengertian Bahasa Ngoko, Madya dan Krama dalam Bahasa Jawa Lengkap dengan Contoh Penggunaan

Kudu bisa dadi wong sukses kanggo mbantu adike supaya ora ngrasake kaya apa sing dirasani. Kudu bisa dadi cagake wong tua lorone.

Tekade Reni gede merga wis ngerti dhewe kaya apa wong tuwane mberjuangke awake nalika ana nang posisi seng serba salah. Sing ora dilali Reni uga kepie perlakuan para sedulure marang keluwargane. Kaya wong liya nalika disambati, kaya uwong ora kenal nalika dijuluki tulung.

Kelakuan kaya kui isih terus diiling Reni. Nanging bapak ibu kora lali ngandani lan ngilingke Reni yen kui bentuk coba saka Gusti. Kelakuan kaya mengkana ora kudu diwales kaya mengkana uga. Ngisuk yen bakale wisp adha dai wong sing mapan, sapa-sapa sing butuh kudu dibantu. Ora ngarah sedulur apa ora, yen pancen butuh bantuan iya kudu dibantu. Yen wong liya dibantu apa maneh sedulure dhewe.

Nalika awal Reni ora trima dikandhani kaya mengkana, nanging saya sue dheweke uga sadar. Didikane bapak ibuke terus dadi pengiling ilinge. Kabeh sing diucapne bapak lan ibuke ora tau di lali. Reni berusaha kanthi nemen supaya bisa dadi anak kang gemati marang wong tua lorone.

Tanpa dirasa, udan wis mandek. Susi mlayu niliki saka jendela nalika krungu suara kancane pada jerat-jerit. Susi wis arak tekan lawang nalika Reni mbaok nyelok dheweke, lan nglarang Susi metu omah. Susi mandek ora maju ora mundur.

Nanging Reni terus namatke, senajan ora merga galak nanging merga tresna kang gede Susi mbalik. Mlaku alon-alon nyedhaki ibune. Reni ora tau galak marang adhine, gene apa-apa sing dikarepake adhine Reni turuti. Reni ndidik Susi kaya dheweke di dhidik marang bapak ibune. Embuh merga apa, Susi bisa manut banget karo Reni.

Ora merga wedi, ora. Nanging mungkin kerana rasa tresna mbake kang gedhe dheweke paham sing dikarepake mbke mesthi kui sik paling apik kanggo awake.

Ibuk karo bapak gur mesem weruh pemandangan kaya menkana. Ora ana sing komen aneh-aneh, merga kelorone uga wis paham apa sing dikarepake anake. Bapak lan ibu kora tipe wong tua sing manjaake anake.

Nanging uga ora keras lan nunthut werna-werna saka anake. Kabeh ndidik anak dibentuk gawe wong kang tanggung jawab, dadi wong sing peka marang lingkungane.

Baca Juga: Pidato Bahasa Jawa : Pengertian Singkat, Struktur, Cara Menulis Disertai Contoh

Ngerti Reni wis tau ngalami seng kaya mengkana susahe, bapak lan ibu paham yen Reni temua saka umure. Temuwa sakurunge mangsane. Ora ana sing disesali karo kabeh kahanan, kabeh dijukuk kanggo pelajaran. Kabeh diyakini wis dadi dalan kang kudu dilewati marang keluwarga iki.

Bapak lan ibuk terus ngilingke Reni, yen urip kui ora ana sing biasa-biasa wae. Urip kui bakal munggah medun. Bakal njeglong sing marake oleng, bakal mumbul sing ndadeake ngrasa mlayang ora nang lemah. Seneng pancenan, tapi kabeh ora bakal sue. Kabeh bakal ana wektune dhewe-dhewe kanggo ngrasakake senen guga susah.

Sing paling penting percaya marang Gusti, percaya marang sing wis digarisake Gusti Allah. Serahke kabeh-kabeh perkara urip marang sing nguwei pangurip. Njejalok dalan lan liyan-liyane marang sing ngekei coba.

Kabeh kelakon lan kedaden ora tanpa alasan, ora kedaden sing ngono wae. Kabeh mesthi ana perkara sing bisa dijikuk hikmahe, dijikuk pembelajarane. Sore iki barenge banyu udan kang tiba kaping sepisan, Reni tambah syukur nduweni keluarga kang asli keluarga.

Keluarga kang dadi panggon dheweke bali. Sore iki bareng tetes udan sing nelesi bumi lan secangkir teh anget kang ngancani, Reni ngucap janji kang bakal dadi motivasi. ***

Editor: Jumadi

Tags

Terkini

Terpopuler