Contoh Teks Khutbah Idul Adha 1443 H Bahasa Jawa, Hakikat Idul Adha Atau Idul Kurban

- 8 Juli 2022, 17:00 WIB
Teks Khutbah Idul Adha 2022 : Wabah Adalah Ujian, Bersabar dan Tak Boleh Putus Asa Terus Berikhtiar
Teks Khutbah Idul Adha 2022 : Wabah Adalah Ujian, Bersabar dan Tak Boleh Putus Asa Terus Berikhtiar /Freepik/

BERITA MATARAMAN - Berikut ini redaksi sajikan contoh teks khutbah dalam bahasa Jawa yang cocok disampaikan pada Idul Adha atau Idul Kurban 1443 H atau 2022 M.

Contoh teks khutbah Idul Adha 1443 H berbahasa Jawa ini berjudul Hakikat Idul Adha atau Idul Kurban. Maka, bagi Anda yang diberi tugas untuk menyampaikan khutbah Idul Adha atau Idul Kurban 1443 H besok, sebaiknya menyimak artikel ini hingga selesai.

Contoh khutbah Idul Adha 1443 H ini diberikan dengan bahasa Jawa cocok bagi masyarakat dengan jamaah yang mayoritas berbahasa Jawa. Dengan disampaikan dalam bahasa sehari-hari, bahasa Jawa, tentu memiliki kesan tersendiri bagi para jamaah yang mendengarkan khutbah.

Baca Juga: Fakta Menarik dibalik Kasus Pencabulan Santri di Ponpes Majmaal Bahrain Shiddiqiyyah, Jombang

Dengan bahasa Jawa, khutbah Idul Adha tersebut akan terasa lebih mengena dan membekas di hati para jamaah yang mayoritas adalah suku Jawa.

Berikut teks lengkap contoh khutbah Idul Adha 1443 H menggunakan bahasa Jawa. Contoh teks khutbah Idul Adha 1443 H ini ditulis oleh Kiai Muqorrobin, Ketua Peribadatan Masjid di Ponorogo dan juga dimuat di lama resmi PCNU Ponorogo. Contoh teks khutbah Idul Adha ini dapat juga Anda rubah dan edit isinya sesuai kebutuhan Anda. Langsung saja, inilah conth teks khutbah Idul Adha 1443 H dengan tema Hakikat Idul Adha.

الْخُطْبَةُ الْأُوْلَى

اَللَّهُ اَكْبَرْ (×۳) اَللَّهُ اَكْبَرْ (×۳) اَللَّهُ اَكبَرْ (×۳) وَلِلَّهِ الْحَمْدُ.

الْحَمْدُ لِلَّهِ الْمُنْفَرِدِ بِالْقَدَرِ وَالْبَقَاءِ. والْعَظَمَةِ وَالْكِبْرِيَاءِ. وَالْعِزِّ الَّذِى لَا يُرَامُ. الَّذِى لَا يُمَثِّلُهُ الْعَقْلُ ولَا يَحُدُّهُ الْفٍكْرَةُ ولَا تُدْرِكُهُ الْأوْهَامُ. أحْمَدُهُ عَلَى جَمِيْعِ نِعَمِهِ الْوَافِرَةِ الْجِسَامِ. وأسْأَلُهُ حِفْظَ نَعْمَةِ الْإيْمَانِ والْإسْلَامِ. وأشْهَدُ أنْ لَا إلَهَ إلّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، إلَهٌ اعْتَزَّ بِهِ مَنْ عَزَّ فَلَا يُضَامُ. وَذَلَّ مَنْ تَكَبَّرَ عَنْ أمْرِهِ وَلَقِيَ الْآثَامَ. وَاشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ الَّذِى بَيَّنَ طَرِيْقَ الْقَوَامِ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأصْحَابِهِ مَادَامَتِ السِّنُوْنَ وَالْأَعْوَامُ


أمَّا بَعْدُ. فَيَا إخْواَنِيَ الْكِرَامُ. اُوْصِيْكُمْ وَإيَّايَ بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ لَعلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَاعْلَمُوا أنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَومٌ عَظِيْمٌ. يَوْمٌ ابْتَلَى اللَّهُ إبْرَاهِيْمَ علَيْهِ السَّلامُ بِالأمْرِ بِذَبْحِ ابْنِهِ فَصَبَرَ وَامْتثَلَ. فَجَعَلَ اللَّهُ جَزَائَهُ اْلحُسْنَى

Baca Juga: Bacaan Takbiran Idul Adha 1443 H Lengkap Mulai dari Bahasa Arab, Latin dan Terjemahnya

Ma’asyirol muslimin hafidhokumulloh

Mangga sesarengan nambahi taqwAllah, ajrih dumateng Allah, kanti nindaaken dateng sedaya perintah-printahipun saha nebihi sedaya awisan-awisanipun. Lan mangga sami mahos takbir bakdanipun sholat fardhu, sholat janazah lan bakdanipun sholat-sholat sunnah ngantos asar akhiripun dinten tasyrik.

Ma’asyirol muslimin hafidhokumulloh

Allahu Akbar x 3 Walillahilhamd.

Alhamdulillah, wonten ing injing meniko kita saget sareng-sareng ngleksanaken sholat ‘Idul Adha. ‘Idul Adha saget dipun artosaken dinten Riyoyo Agung utawi Besar. Jalaran tiyang ingkang nindaaken sholat ‘Idul Adha kanti dipun rumiyini ngathah-ngathahaken siyam saha amal sahe, milai tanggal setunggal ngantos tanggal sedoso Dzulhijjah meniko agung utawi besar ganjaranipun. Rasulullah Muhamad SAW dawuh:

مَا مِنْ أيَّامٍ أحَبُّ إلى اللَّهِ أنْ يُتَعَبَّدَ لهُ فِيها مِنْ عَشْرِ ذِى الحِجَّةِ, يَعْدِلُ صِيَامُ كُلِّ يَوْمٍ مِنْها بِصِيَامِ سَنَةٍ وَقِيَامُ كُلِّ لَيْلَةٍ فِيْها بِقِيامِ لَيْلَةِ الْقَدْرِ. (رواه الترميذيّ)

“Ora ana dina-dina kang digawe ibadah kang luwih disenengi Allah tinimbang sepuluh dina wulan Dzulhijjah. Pasa sedina saka dina-dina iku podo pasa setahun, njumeningi ibadah ana wengine podo karo ibadah wengine lailatul qodar”. HR. At-Tirmidzi.

Ganjaranipun kados dene mujahid, Rasulullah dawuh:

مَا مِنْ أَيَّامٍ الْعَمَلُ فِيهِ أَفْضَلُ مِنْ عَشَرِ ذِي الْحِجَّةِ، قِيلَ: وَلا الْجِهَادُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ؟ قَالَ :« وَلاَ الْجِهَادُ فِى سَبِيلِ اللَّهِ إِلاَّ رَجُلٌ خَرَجَ بِنَفْسِهِ وَمَالِهِ ثُمَّ لَمْ يَرْجِعْ مِنْ ذَلِكَ بِشَىْءٍ. ) رواه البخاريُّ)

Rasulullah SAW ugi dawuh:

سُئِلَ عَنْ يَوْمِ عَرَفَةَ, فَقَالَ: يُكَفِّرُ السَّنَةَ المَاضِيَةَ والْبَاقِيَةَ. (رواه مسلم)

“Rasulullah dipun suwuni perso pasa wonten dinten ‘Arofah, lajeng dawuh: ‘Nglebur dosa setahun kang wes klewat lan doso setahun kanga arep teko”.

Ma’asyirol muslimin hafidhokumulloh

Allahu Akbar x 3 Walillahilhamd

Idul Adha ugi saget dipun artosaken Riyoyo Haji. Kranten ing dinten meniko dinten ipun nindaaken ibadah haji. Jutaan kaum muslimin ingkang mampu saking pundi-pundi negari sami rawoh wonten ing Mekkah Al-Mukarromah. Sami nindaaken rukun-rukun lan wajibipun haji. Wonten ing injing meniko jamaah haji sami melontar Jumroh Aqobah wonten ing Mina. Lajeng nerusaken Thowaf Ifadhoh wonten ing Ka’bah, lajeng Sa’i, lajeng Tahallul Awal.

Ibadah haji meniko setunggalipun ibadah ingkang mbetahaken pinten-pinten kesiapan. Kesiapan fisik, materi, lan ugi kesiapan mental. Kesiapan fisik kados kekiyatan badan saha kesehatan. Kesiapan materi kados ongkos perjalanan tuwin nafaqoh keluarga ingkang dipun tilar. Dene kesiapan mental kados siap nilar pangandikan ingkang awon saha poro padu selaminipun ibadah haji. Ibadah haji ingkang mbetahaken pinten-pinten bekal meniko menawi katindaaken kanthi estu, senahoso nandang kepayahan lan rekaos tamtu mboten sekedik piwalesipun. Ingantawisipun, ibadah haji saget nuceni lan ngumbah sedaya doso. Rosululloh SAW dawuh:

حُجُّوْا فَإنَّ الْحَجَّ يَغْسِلُ الذُّنُوْبَ كمَا يَغْسِلُ المَأءُ الدَّرَنَ. (رواه الطبرانيّ)

“Hajio siro kabeh, saktemene haji iku biso nuceake doso koyo anggone banyu ngresiki kotoran”.

Lan sampun memper bilih haji mabrur meniko piwalesipun suwargo. Rosululloh SAW:

وَالحَجُّ المَبْرُورُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ الّا الْجَنّة. (رواه البخاري ومسلم)

“Haji mabrur iku ora ono piwales kang sepadan kejobo suwarga”.

Ma’asyirol muslimin hafidhokumulloh

Allahu Akbar x 3 Walillahilhamd

Idul Adha ugi saget dipun artosaken Riyoyo Kurban. Jalaran wonten ing saminipun dinten meniko nabi Ibrahim as dipun uji deneng Allah. Nabi IbrAhim a.s. pikantuk wahyu supados ngurbanaken/mragat putrAnipun ingkang nami Ismail a.s. Injangipun nabi Ibrahim rumahos susah, kranten Ismail meniko putro ingkang taksih ngancik umur kekanak-kanakan, ingkang taksih lucu-lucunipun ingkang saget menghibur tiyang sepuhipun. Lajeng perkawis meniko dipun rundingaken daten putro Ismail. Al-Qur’an mengabadikan meniko:

يَا بُنَيَّ إنِّى أرَى فِى المَنَام أنِّى أذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى. قَالَ يَا أبَتِ افْغَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِى إنْ شَاءَ اللهُ مِنَ الصَّابِرِيْنَ.

Nabi Ibrahim as ngendiko: ”He ngger putraku, saktemene ingsun nompo wahyu impen rupo dawuh supoyo ngurbanake sliramu. Mangko cobo pikiren kepriye mungguh panemu mu? Ismail matur: “Duh romo, mangga kulo aturi ngleksanaaken printahipun Allah. InsyaAllah panjenengan bade pinanggih kawulo termasuk golonganipun tiyang engkang sabar”. Lajeng tiyang kaleh (Ibrahim lan Ismail) bidal menuju dateng panggenan ingkang sepi”.

فَلَمَّا أسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِيْنِ. وَنَادَيْنَا أنْ يَا إبْرَاهِيْمُ, قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا إنَّا كَذَلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ. إنَّ هَذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِيْنُ. وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ

“Ing naliko tiyang kekalih sampun sami pasrah dateng Allah, Ismail sampun sare miring, nabi Ibrahim sampun nyelehaken pedang wonten ing gulunipun Ismail, lajeng wonten pengundang-undang ingkang mboten wonten rupinipun: He Ibrahim, siro wes ngestuake wahyu impen. Saktemene ingsun bakal maringi piwales ganjaran marang wong-wong kang podo laku bagus. Saktemene iku kabeh mung ujian iman kang terang. Mongko saiki Ingsun aweh tebusan wedus kang gede saking ngersoningsun, potongen kanggo kebungahan”.

Mendo menikolah ingkang rumiyen mendo kagunganipun Habil (putronipun nabi Adam a.s). Lajeng mendo dipun pragat, lajeng wonten latu saking langit ingkang ngobong nelasaken mendo kasebat kejawi sirahipun. Meniko nedahaken bilih kurbanipun Ibrahim kaliyan Ismail dipun tampi Allah. Lajeng sirah mendo dipun asto kundur dipun ceritaaken lan dipun duduhaken garwonipun, selajeng sedaya sami syukur dumateng Allah.

Baca Juga: Modus yang dilakukan MSAT Ketika Melakukan Pencabulan terhadap Para Santrinya

Ma’asyirol muslimin hafidhokumulloh

Allahu Akbar x 3 Walillahilhamd

Kagem tiyang ingkang anggadahi azam bade kurban dipun sunnahaken mboten motong rambut utawi kuku milai tanggal setunggal ngantos kurban bade dipun pragat. Hukum ipun kurban tumrap tiyang ingkang mampu, meniko miturut madzhab ipun Imam Malik, Syafi’i lan Imam Ahmad hukumipun sunnah kifayah muakkadah (sunnah engkang cekap umpami dipun lampahi kepala keluarga).

(كذا فى البغية ورحمة الأمة فى الاختلاف الأئمة)

Kagem tiyang ingkang kurban sunnah, piyambakipun lan keluarganipun dipun perengaken tumut dahar dagingipun. Wondene menawi kurban wajib, kados sampun dipun nadzari, dipun haramaken tumut dahar dagingipun. Kagem tiyang ingkang kurban sunnah kagem tiyang sanes utawi kagem mayit ingkang sampun wasiat dipun haramaken tumut dahar dagingipun.

Sapi, kebo lan ugi mendo, sami ugi lanang utawi wadon sedaya kengeng kadamel hewan kurban. Ingkang penting sampun memenuhi syarat-syarat ipun. Ananging langkung sae lan afdhol menawi ingkang lanang. Miturut Ibnu Abbas, kagem tiyang ingkang mboten mampu kurban ngagem sapi, maeso lan mendo cekap kurban mawi jago utawi banyak. Malah-malah As-Syaikh Muhammad Al-Fudholi ngaturi fatwa kagem tiyang-tiyang fakir taqlid dateng pendapatipun Ibnu Abbas. (Senahosa wonten ing kitab Asy-Syarqowi kito mboten dipun parengaken taqlid dateng qoul meniko). Imam Romli marengaken kurban dipun sarengaken niat aqiqoh, Imam Ibnu Hajar mboten marengaken.

Wondene fadhilah ipun berkurban, kados dawuh ipun Rosululloh SAW:

وجَلَّ بِمَكَانٍ قَبْلَ أنْ يَقَعَ عَلَى الْأرْضِ. فَطِيْبُوْا بِهَا نَفْسًا. (رواه الترميذي وابن ماجه)

“Ora ono amalan kang dilakoni anak adam naliko dino nahr kang luwih disenengi Allah tinimbang ngilikake getih (berkurban). Saktemene besok dino kiyamat hewan kurban iku teko sak sungu-sungune, kukune lan bulu-bulune. Lan saktemene getih e iku dumugi (diridhoi) Allah sakdurunge tetes neng bumi. Mongko legokno (tenangno) atimu kanti berkurban”. (HR. at Tirmidzi dan Ibnu Majah)

Rosulloh SAW ugi ngancam dateng tiyang mampu ingkang mboten purun berkurban kanti pangandikanipun:

مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ فَلَمْ يُضّحِّ فَلاَ يَقْرُبَنَّ مُصَلَّانَا. (رواه ابن ماجه)

“Sopo wonge diparingi jembare rizqi banjur dewekne ora gelem kurban, mongko becik ojo nyedek tempat sholatku”. (HR. Ibnu Majah)

Magepoan kalian marakipun penyakit PMK engkang menyerang dateng hewan kurban, mboten perlu dipun khawatiraken keranten pemerintah sampun menjamin ketersediaan hayawan kurban. MUI saha PBNU ugi sampun membahas hukum keabsaan hewan kurban engkang terjangkit PMK kagem pedoman kaum muslimin.

Mugi-mugi Allah paring panjang umur dateng kito kagem taat ngantos saget menangi malih Idul Adha wonten ing tahun-tahun selajeng ipun sarono sehat afiyat. Aamiin.

وَاللهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى يَقُوْلُ, وَبِقَولِه يَهْتَدِى الْمُهْتدُونَ, اَعُوْذُ باللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيْمِ. وَنَادَيْنَاهُ أنْ يَا إبْرَاهِيْمُ. قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا إنَّا كَذَلِكَ نَجْزِى المُحْسِنِيْنَ. وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.


الْخُطْبَةُ الثَّانِيَّةُ

اَللَّهُ اَكْبَرْ (x7) اَللَّهُ اَكْبَرْ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللَّهُ اَكْبَرْ اَللَّهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ.

اْلحَمْدُ للهِ الَّذِي مَنْ عَلَيْنَا بِفَضْلِهِ الْجَسِيْمِ, اِذْ مَنَّ عَلَيْنَا بِمُحَمَّدٍ اَفْضَلِ الْخَلْقِ اَجْمَعِيْنَ، فَهَدَانَا اِلَى دِيْنِ الْحَقِ وَالصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لآ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْكَرِيْمِ الْحَلِيْمِ، وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ الَّذِي خَصَّ بِالْخُلُقِ الْعَظِيْمِ صَلَّى اللهُ عَلَي سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَلَّذِيْنَ فَازُوْا بِالْحَظِّ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا.

اَمَّا بَعْدُ: فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا االلهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآئِكَتِهِ فَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى ، يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْر ٍوَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى رَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْهُمْ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

اَللَّهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

اَللَّهُمَّ اكْفِنَا شَرَّ مَنْ يُؤْذِيْنَا وَاَهْلِكْ مَنْ اَرَادَنَا بِالسُّوءِ يَآارْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اِرْحَمْنَا وَفَرِّجْ عَلَيْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ.

اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيّ خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ : اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

Contoh Teks Khutbah Idul Adha 1443 H ini ditulis oleh Kiai Muqorrobin, Wakil Katib PCNU Ponorogo dan Ketua Peribadatan Masjid NU Ponorogo.***

Editor: Taufiqurrohman

Sumber: PCNU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini