Contoh Pidato Singkat Menyambut Kepulangan Dari Haji Dalam Bahasa Jawa dan Indonesia

- 8 Juli 2022, 18:00 WIB
Ilustrasi tema, khutbah Jumat Menyambut Idul Adha 2022
Ilustrasi tema, khutbah Jumat Menyambut Idul Adha 2022 /Pixabay/

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله الذي جعل الجنة جزاء للحج المبرور، وخص
بالفلاح من حج ولم يعمل فيه عمل الفجور ، والصلاة
والسلام على سيدنا محمد شافع الأمة في يوم النشور، وعلى
وصحبه على ممر الايام والدهور، اما بعد

Poro Bapak Kiai ingkang kulo bekteni,
Poro Bapak poro ibu ingkang kulo hormati,
Konco-konco ingkang kulo tresnani,
Sedoyo poro penjemput jama'ah haji,
Sekabupaten kediri ingkang kulo hormati.
Monggo kulo lan panjenengan sedoyo nglaheraken raos syukur lan puji,
Dumateng Alloh ingkang Moho Siji,
Ingkang kanti rohmat ipun kito saged nindaaken ibadah haji,
Dateng tanah suci,
Kanti keadaan sehat berseri-seri,
Mugi-mugi kito pikantuk pinwales sangking ilahi robbi,
lan saged dados haji ingkang ambarokahi,
lan manfaati, tumrap agami lan negari.
Amin ya robbal alamin..
Poro rawuh ingkang kulo hormati!
Gusti kanjeng nabi dawuh :

الحج المبرور ليس له جزاء إلا الجنة ( رواه أحمد )

Ingkang artos ipun :
"Bilih haji ingkang-mabrur puniko boten wonten
pinwales ipun kejawi suwargo".

Poro rawuh ingkang kulo hormati, kanti wontenipun hadist Nabi wonten nginggil kolo wahu bejo sanget tiyang ingkang sampun nindaaken ibadah haji.
Pramilo mugi-mugi sederek-sederek kito ingkang sampun rawuh sangking tanah suci puniko dadoso haji ingkang mabrur. Amin. Lan mugi-mugi sederek- sederek ingkang dereng nindaaken, mugio inggal ketularan lan angsal barokah ipun ingkang sampun haji. Sehinggo angsal rizqi ingkang katah lan inggal saged naindaaken haji. Amin.

Poro rawuh ingkang kulo hormati!
Tiyang islam ingkang sampun keparingan rizqi katah ingkang cekap kangge ninda'aken ibadah haji tapi piyambakipun taksih menunda-nunda boten
purun daftar haji, tiyang kolo wahu doso lan menawi ngantos pejah tetep boten purun haji. Tiyang kolo wahu tetep gadah tanggungan wonten ngersanipun
Alloh SWT. Pramilo kito sampun ngantos menunda-nunda dateng printah ipun Alloh SWT. Puniko lan sampun ngantos gadah anggapan bilih ninda aken haji puniko saged mengurangi kekayaan utawi membuang waktu ngeten puniko sampun ngantos, menawi kito gadah anggepan bilih haji puniko mengurangi kekayaan utawi dadosaken miskin terus kito boten purun ngamal haji puniko kito dados tiang kufur.

Baca Juga: Libra Lebih Emosional Hari Ini, Simak Ramalan Zodiak Lengkap 9 Juli 2022 dari Kesehatan hingga Urusan Asmara
Gusti Alloh dawuh wonten Al Qur'an Surat Ali Imron ayat 67 :

ولله على الناس حج البيت من استطع إليه سبيلا ومن كفر
فإن الله غني عن العالمين.
Ingkang artos ipun :
"Wong-wong sing wis mampu (Netepi sarat rukune) den wajibake deneng Alloh ngelaksanaake ibadah haji, lan sing sopo wonge tumindak kufur (ora percoyo marang Alloh lan ngingkari kewajiban haji) mongko saktemene Alloh iku moho sugih songko wong sak alam kabeh'

Poro rawuh ingkang minulyo!
Akhiripun monggo kito dongo dateng Alloh mugi-mugi poro jama'ah haji sekabupaten kediri ingkang nembe rawuh punipo hajinipun dipun trimo deneng Alloh, Doso-dosonipun dipun sepuro deneng Alloh, Rizqinipun dadoso rizqi ingkang barokah, Akhiripun saget gesang kanti wabillahi taubah, Soho pinaringan pungkasan ingkang Husnul Khotimah. Amin Yaa Robbal 'Alamin.

كفي هنا قولي لكم والعفو منكم
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Halaman:

Editor: Taufiqurrohman


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x