Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keutamaan Puasa Ramadhan, Cocok Disampaikan di Bulan Puasa

- 6 April 2022, 08:01 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keutamaan Puasa Ramadhan, Cocok Disampaikan di Bulan Puasa
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keutamaan Puasa Ramadhan, Cocok Disampaikan di Bulan Puasa /pexels/David McEachen/

“Siyam miturut syara’ enggih puniko nilar dahar lan ngunjuk tuwin sedoyo perkawis engkang mbatalaken, milai medal fajar shodiq (shubuh) ngantos surupe srengenge (maghrib) kanthi niyat siyam.”

Ma’asyirol muslimin hafidho kumulloh…

Kanjeng Nabi Muhammad nampi perintah siyam Romadhon meniko wonten wulan Sya’ban tahun kalih hijriyyah. Lajeng wonten tahun meniko panjenenganipun kalian poro shohabat sami nindaaken siyam Romadhon. Miturut qoul masyhur, Kanjeng Nabi menangi wulan Romadhon sangang (9) ambalan. Sangang Romadhon meniko engkang umuripun 30 dinten meniko namung setunggal Romadhon. Ingkang 8 Romadhon umur ipun 29 dinten.

Sulthonul ‘Ulama’ ‘Izzuddin Abdul Aziz Ibn Abdis Salam As-Sulami wonten ing kitabipun, Maqoshidush Shoum, nyebataken keutamaanipun siyam, ing antawis ipun:

Ngluhuraken derajat

رَفْعُ الدَّرَجَاتِ

Wonten hadits-hadits dipun sebataken, bilih wenawi wulan Romadhon dugi lawangipun langit dipun bikak, lawangipun neroko dipun tutup, tuwin syetan-syetan dipun blenggu utawi dipun bondo. Lawang royyan (lawangipun suwargo) namung bade dipun lebeti tyang engkang nindaaken siyam. Gondo basinipun tyang engkang siyam langkung wangi tinimabang wanginipun minyak kasturi. Moloikat sami dungaaken rohmat soho maghfiroh dateng tyang engkang siyam naliko ngadepi jamuan makan, sedeng piyambakipun tetep siyam.

Nglebur doso kesalahan

تَكْفِيْرُ الْخَطِيْئَاتِ

Kanjeng Nabi dawuh:

Halaman:

Editor: R. Nur

Sumber: NU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x