Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keutamaan Puasa Ramadhan, Cocok Disampaikan di Bulan Puasa

- 6 April 2022, 08:01 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keutamaan Puasa Ramadhan, Cocok Disampaikan di Bulan Puasa
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keutamaan Puasa Ramadhan, Cocok Disampaikan di Bulan Puasa /pexels/David McEachen/

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Alhamdulillah, kitho taksih dipun takdir pepanggihan kalian Sayyid Asy-Syuhur (pimpinan ipun wulan) inggih meniko wulan Romadhon. Kathah sanget tyang sepuh, family, kerabat, tanggi tepalih, tuwin sahabat-sahabat  kitho engkang wonten tahun meniko mboten dipun takdir malih sesarengan kitha kepanggih wulan Romadhon.

Wulan agung, wulan berkah, ganjaran amal dipun tikelaken, ibadah sunnah kareken ibadah wajib, ibadah wajib setunggal kareken 70 ibadah wajib. Wulan panggenanipun lailat al-Qodr, taat dipun tampi, dungo dipun sembadani, doso-doso dipun ampuni, lawing suwargo dipun bikak, lawing neroko dipun tutup, syetan-syetan dipun belenggu tuwin suwargo merindukan umat Muhammad. Menikola pangebang-ngebangipun Alloh wonten wulan Romadhon.

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh…

Sak lebetipun wulan Romadhon wonten ibadah kaleh ingkang mbedani kalian wulan-wulan sanesipun, yakni poso wajib tuwin sholat tarawih. Alloh swt sampun ngendiko ngengingi wajibipun siyam.

يَأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ. أَيَّامًا مَعْدُوْدَاتٍ…

“He eling wong kang podo iman, diwajibne marang siro kabeh poso koyo olehe diwajebne marang wong-wong kang sak dirunge siro kabeh, supoyo siro kabih taqwa marang Alloh. Yo iku ono ing dino-dino kang wus ditentuake wilangane…..” (Al-Baqoroh: 183)

Kasebat wonten kitab Taurot lan Injil, bilih kaum Yahudi zaman rumiyen sami nindaaken siyam sedinten sedalu, mboten dahar lan ngunjuk kejawi namung sepindah. Kaum Nasroni zaman rumiyen, pendito-pendito nipun sami andamel aturan siyam piyambak-piyambak. Wonten engkang siyam daging (tarak daging), wonten engkang siyam ulam (tarak iwak). Wonten engkang siyam tigan (tarak telur), lan ugi wonten engkang siyam supados berhala engkang dados sesembahanipun mboten bendu utawi murko.

Alhasil, sedoyo agami ngakeni kesaenanipun siyam. Mung mawon toto coronipun engkang benten-benten.

أَلصَّوْمُ عِنْدَ الشَّرْعِ إِمْسَاكٌ عَنْ مُفْطِرٍ بِنِيَّةٍ مَخْصُوْصَةٍ جَمِيْعَ نَهَارٍ

Halaman:

Editor: R. Nur

Sumber: NU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x