Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Jelang Ramadhan, Mapak Sasi Pasa

- 23 Maret 2022, 20:50 WIB
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Ramadhan, Mapak Sasi Pasa
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Ramadhan, Mapak Sasi Pasa /Unsplash / Esmonde.

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,

Kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten akhir bulan sya’ban, biasanipun ndawuh aken:

يـاأَيـُّهـَاالـنَّـاسُ قَــدْ أَظَـلَّــكُـمْ شَــهْـرٌ عَـظِــيْـمٌ  مُـبــارَكٌ  شَــهْـرٌ فِــيْـهِ لـَـيْـلَـةُ الْــقَــدْرِ خَـيْـرٌ مِـنْ ألــفِ شَــهْـرٍ, جَـعَـلَ اللـهُ  صِـيـَـامَـه فَـرِيـْـضَـةً , وقـيــامَ لَـيْـلِـهِ تـَطَـوُّعـًا مَـنْ  تَـقَــرَّبَ  فـيـه بـِخَـصْـلَـةٍ مِـنْ خِـصـَـالِ الْـخـَيْر  كَانَ كَـمَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً  فِـيـمـا سِـوَاهُ و مَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً   كَان كَـمَـنْ أَدَّى سَـبْعِـيْـنَ فَـرِيـْـضَـةً  فـيـمـا سـواه  ,هُـوَ شَــهْـرُ الـصَّــبْـرِ وَ الـصَّــبْـرُ ثـَواَبـُه الـجَـنّة ُ, وشـهــر الـمُـواسـاةِ وشـهــرٌ  يـُــزَادُ فـيـه الـرِّزْقُ

 

” He poro manungso, Temenan bakal tumeko sawijining wulan kang agung, kang dibarokahi , kang mayungi marang siro kabeh, yoiku wulan Ramadhan, ing wulan Ramadhan kuwi ana sawijining wengi kan diarani Lailatul Qadar, kang kautamane ngungkuli sewu wulan, Allah wis majibake poso ing sasi kuwi, lan disunatake shalat wengi  ing sasi kuwi, sing sopo wonge taqarrub ngibadah amrih caket marang Allah, ana ing sak sejerone wulan mau, kelawan ngamal ngamal ibadah sunnah mangko koyo nindakake ibadah fardlu ing sak jerone sasi liyane, Lan sing sopo wongwe ngibadah fardlu siji ing wulan Ramadhan, mangka koyo koyo ngibadah pitung puluh fardlu ing sasi liyane . Lan sasi Ramadhan iku sasi sabar, dene sabar iku ganjarane swargo, Ramadhan iku sasi kang kanggo asih asihan, Lan sasi Ramadhan iki mangsane ditambahi peparinge rizki” (HR.Ibnu Khuzaimah,lan Baihaqi).

Saget dipun simpulaken, saking welasipun dateng kita, wonten wulan Romadhon Gusti Allah paring obral ganjaran. Ibadah Sunah dipun tikel-tikelaken ganjaripun kados ibadah fardhu. Ngelakoni ibadah fardhu ganjare ditikel-tikelaken ngantos ping pitungpuluh (70). Semanten agung kanugrahan peparingipun Allah ingkang kaparingaken ing sak lebetipun wulan Ramadlan, tentu eman sanget tumrap tiyang mukmin menawi ngantos mboten nampi lan nanggapi kanugerahan ageng paringipun Allah menika.

Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,

Gegayutan kalihan persiapan kita sedoyo kagem menyambut bulan ingkang mulyo meniko, mumpung taksih wonten ing wulan sya’ban,  monggo kita ngestukne dawuh kanjeng Nabi Muhammad SAW:

مَن عَـظَّـمَ  شَــعْـبـَـانَ  وَاتَّـقَى اللهَ تـعــالى وَعَـمِـلَ  بِـطَـاعَــتِـهِ  وَأَمْـسَـكَ  نَـفْــسَـــهُ  عَـنِ الـمَـعْـصِـيـَّةِ   غَـفَرَ اللهُ  تـعــالى  ذُنُـوبـه وَأَمَــنَــهُ مِـنْ كُلِّ مَــا يـَـكـُـوْنُ فِى تـلـك   الــسَّــنَــةِ مِـنَ الْـبَـلا يـَـا وَالْأَمْرَضِ

“Sing sapa wonge ngegungake wulan Sya’ban sarana taqwa marang Allah Ta’ala, lan ngamal tha’at marang Allah,   uga nahan nafsune sangka ma’shiyat, mangka Allah bakal paring pangapura marang   dosa dosane, lan Allah bakal paring slamet sekabehe bala’ bencana lan pirang pirang penyakit kang kedadean   ing tahun kuwi” .

Halaman:

Editor: R. Nur

Sumber: NU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini