Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Jelang Ramadhan, Mapak Sasi Pasa

- 23 Maret 2022, 20:50 WIB
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Ramadhan, Mapak Sasi Pasa
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Ramadhan, Mapak Sasi Pasa /Unsplash / Esmonde.

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kita soyo meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kita lampahi serto ambudi daya amrih sedaya awisanipun saget kita tilar, minongko dados tekad saha sarana kita sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kita sedoyo kalebet kawulo-kawulo nipun Allh ingkang tansah tumidak sahe, saha pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

“He wong wong kang pada iman, Pada wediyo siro kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran  102).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mboten dangu malih kita sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak mestinipun kita cawis cawis kangge ngadepi kewajiban kita nindakaken shiyam wonten wulan romadhon. Sikap  mental lan manah kita kedah dipun siapaken, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kewajiban siyam Ramadhan punika kanti kepekso. Pramila mangga kita adepi wulan suci lan kwajiban punika kanti manah bingah saha ridla, remen nindakaken kwajiban saking ngarsanipun Allah. Sebab bingah kemawon sampun ageng  faedahipun, Kanjeng Nabi sampun dawuh :

مَـنْ فـَرِحَ بــِدُخُوْلِ رمضانَ حَرَّمَ اللهُ جَسَدَهُ عَلىَ النِّيْرانِ

“Sing sopo wonge bungah sebab tekane  wulan Ramadlan, mangka Allah ngaramake jasade wong kui sangka siksa  neraka”

Halaman:

Editor: R. Nur

Sumber: NU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini