Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Sambutan Tuan Rumah Halal Bihalal

- 28 Maret 2022, 12:00 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Sambutan Tuan Rumah Halal Bihalal
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Sambutan Tuan Rumah Halal Bihalal /pixabay.com

Ingkang kawula homati Bapak lan Ibu tamu undangan halal bihalal

Monggo kita ngaturaken puji lan syukur dumateng Allah swt. Ingkang sampun maringi kita kasarasan ingkang saget anjalari kita kempal wonten acara halal bihalal niki.

Sholawat saha salam mboten kesupen kita aturaken damel Nabi Muhammad saw, mugi-mugi kita sedaya angsal syafaatipun besok ing dinten kiamat.

Para rawuh ingkang dirahmati Allah.

Kulo minangka shohibul bait wonten acara Halal Bihalal, ngaturaken panuwun damel panjenegan sedaya ingkang sampun rawuh damel acara halal bi halal menika kaleh kesediaan panjenengan njaga protokol kasarasan .

saklajengipun kulo nyuwun agunging pangaksami menawi wonten kekirangan ngaturi papan lan pasogatan dateng panjenengan sedoyo.

Mugi-mugi, acara kita damel nyambung silaturahmi niki tansah diparingi keberkahan kaleh Allah. Amin ya rabbal alamin

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِ لْ رَحِمَهُ

Nabi Muhammad sampun matur teng hadits, silaturahmi niku saget gampilne rezeki lan dhawa yuswa.

Kajaba niku, tujuan acara halal bi halal menika damel  nglebur dosa mbok bilih wonten kelepatan antarane kula lan panjenengan sedaya.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x