Contoh Teks Pranatacara atau Pembawa Acara Bahasa Jawa Tedhak Sinten

- 25 Maret 2022, 17:20 WIB
Contoh teks Pranatacara atau Pembawa acara Bahasa Jawa Tedhak Sinten
Contoh teks Pranatacara atau Pembawa acara Bahasa Jawa Tedhak Sinten /Freepik/freepic.diller/

Assalamualaikum wr.wb

Kawilujengan kabagas warasan saha katentreman hawit sih rahmating Gusti ingkang ngurwatani jagat, mugi tansah kasarira dhumateng kula kaliyan panjenengan sedaya.

Para sesepuh saha para tamu ingkang tansah winantu ing suka basuki, sumangga kula dherekaken panjenengan sedaya ngunjukaken raos sukur wonten ngarsaning Gusti Allah ingkang Maha Agung.

Ingkang sampun paring rahmat kaliyan hidayah dhumateng kula tuwin panjenengan sedaya satemah kita sedaya saged makempal wonten ing dalemipun Bapak Muhammad saperlu mangeti adicara tedhak siti kangge putranipun Bapak Muhammad inggih punika Adi Nugraha.

Kaparenga kula Masayu minangka cumanthaka, kinen nglantaraken rantaman adicara tedhak siti ing sonten punika :

Sepisan, nun inggih: Pambuka

Kaping kalih: Atur pambagyaharja saking sohibul hajat

Kaping tiga: Acara inti inggih punika tedhak siti

Kaping sekawan: Panutup

Bapak/ Ibu ingkang sami rawuh, mekaten rantaman adicara Tedhak siti ing sonten punika. Sakderengipun adicara tedhak siti dipunwiwiti sumangga sareng-sareng maos basmalah : Bismilla hirahman nirrohim.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini