Contoh Pidato Perpisahan Bahasa Jawa Kelas 6 SD atau MI Singkat dan Padat

- 21 Maret 2022, 18:53 WIB
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa singkat
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa singkat /Pixabay.com/Nachrichten_muc

Assalamu'alaikum wr. wb.

Ingkang kaulo hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas enem ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kesehatan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged dateng wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki.

Kula, wakil saking rencang-rencang kelas enem ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo.

Mugi-mugi Bapak Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. wb.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Sambutan OSIS dalam Acara Pengajian Peringatan Isra Miraj di Sekolah

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini