Contoh Teks Pembawa Acara atau Pranatacara Bahasa Jawa Bersih Desa atau Nyadran

- 21 Maret 2022, 16:14 WIB
Contoh pembawa acara atau pranatacara Bahasa Jawa bersih desa atau nyadran
Contoh pembawa acara atau pranatacara Bahasa Jawa bersih desa atau nyadran /pexels./ Gezer Amorin

Dhumateng Bapak Nur Hamid minangka pangarsa Dusun Tunggularum ingkang satuhu kinurmatan.

Dhumateng Bapak Rahmad minangka pangarsa RT 01 Dusun Tunggularum ingkang dhahat kinabekten.

Saha para kadang warga masyarakat Tunggularum ingkang bagya mulya.

Saderengipun menggah rantamaning adicara nyadran wonten ing dinten menika, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken raos sukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad.

Awit saking kanugrahan saha karaharjan, saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kula wonten ing mriki minangka pranata adicara badhe maosaken tata rakiting adicara nyadran wonten ing Dusun Tunggularum. Reroncening adicara nyadran wonten ing dinten menika rinacik mekaten :

Acara kaping setunggal nggeh puniko ngresiki pasarean.

Acara kaping kaleh nyekar.

Acara kaping tigo wilujengan

Acara kaping sekawan, pambagyaharja dening bapak lurah

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah