Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung Bahasa Jawa Singkat dan Ringkas

- 11 Februari 2023, 11:33 WIB
Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung Bahasa Jawa Singkat dan Ringkas
Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung Bahasa Jawa Singkat dan Ringkas /pixabay.com

BERITA MATARAMAN –  Dalam artikel ini, akan disajikan contoh teks atur pasrah temanten kakung Bahasa Jawa singkat.

Bagi Anda yang kebetulan mendapatkan tugas untuk atur pasrah temanten kakung menggunakan Bahasa Jawa simak artikel ini sampai selesai.

Dalam tradisi pernikahan suku Jawa, ada tradisi atur pasrah temanten kakung dan juga atur pasrah temanten putri.

Baca Juga: Doa Selamatan Syukuran Latin, Dibaca Saat Kenduri Hajatan

Apa maksud tradisi tersebut? atur pasrah temanten kakung merupakan sambutan yang disampaikan oleh perwakilan temanten kakung di acara temu manten.

Sebaliknya, atur pasrah temanten putri adalah sambutan dari pewakilan keluarga pengantin putri.

Dalam sambutannya, masing-masing perwakilan menyampaikan pesan dari keluarga temanten.

Berikut ini contoh teks atur pasrah temanten kakung Bahasa Jawa singkat.

Baca Juga: Contoh Pranatacara MC Isra Miraj Bahasa Jawa, Singkat dan Langsung Bisa Digunakan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Kawula nuwun, Bapa/Rakamas/Adhimas (nama paraga panampi) ingkang hangemban wajib luhur wonten ing madyaning pahargyan punika minangka sulih sarira saking Bapa (ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa, ingkang satuhu bagya mulya.

Sowan kula ing ngarsa panjenengan minangka duta-sarayanipun Bapa (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) ingkang pidalem ing (dedunung tiyang sepuhipun panganten kakung).

Saderengipun kula ngaturaken menggah wigatosing pisowan kula, keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken suka-syukur tuwin sembah puji ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, inggih awit rumentahing barokah tuwin kawilujengan, satemah lampah kula hangirid panekaring putra panganten kakung manggih rahayu-wilujeng kalis saking pringgabayaning margi.

Baca Juga: Bagaimana Hukum Pujian Setelah Adzan? Ternyata Begini Jawabannya

Minangka purwakaning atur, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapa (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) sakalihan, mugi kaaturna Bapa (nama ingkang hamengku karsa/tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa.

Sumusul atur ingkang angka kalih, sowan kula saprelu nglarapaken saha ngaturaken sekar cepaka mulya sasele inggih pinanganten kakung Anakmas (nama panganten kakung), putra kakungipun Bapa (nama tiyang sepuhipun panganten kakung).

Ingkang punika, putra panganten kakung kula aturaken panjenengan. Kajawi saking punika, minangka tangsuling katresnan, kula kinanthen sasana redana/amplop tuwin ubarampe sawatawis, mugi-mugi katampia kanthi suka renaning panggalih, sarta sageda nambahi raketing pasadherekan anggenipun sami mangun bebesanan.

Baca Juga: Anta Syamsun Anta Badrun, Lirik Sholawat Mahalul Qiyam Latin, Arab dan Artinya

Salajengipun menggah badhe kaleksananing sedya, kula sapanggrubyuging pinanganten kakung, tansah jumurung ing karsa sinartan puji-donga, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung ngijabahi sedya-tama punika. Amiin.

Minangka panutuping atur, kula titah sawantah, tartamtu kathah kalepatan tuwin kekiranganipun. Awit saking punika, kiranging subasita miwah tumpah-suhing basa, kula nyuwun agunging pangaksama.

Wabillaahi taufiq wal hidayah. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Baca Juga: Qasidah Tawassul Sayyidah Khadijah Lengkap, Lirik Arab Latin

Demikian contoh teks atur pasrah penganten kakung dalam Bahasa Jawa yang dikutip dari situs resmi Desa Jatimulyo Kebumen. Semoga bermanfaat.***

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x