Contoh Teks Sambutan Dewan Guru Bahasa Jawa dan Indonesia di Acara Pelepasan Sekolah atau Pesantren

- 14 Juni 2022, 07:13 WIB
Contoh Teks Sambutan Dewan Guru Bahasa Jawa dan Indonesia di Acara Pelepasan Sekolah atau Pesantren
Contoh Teks Sambutan Dewan Guru Bahasa Jawa dan Indonesia di Acara Pelepasan Sekolah atau Pesantren /Unsplash/Joao Cruz.

Ngaturaken; sugeng rawuh sugeng pinarak kawulo aturaken dumateng panjenengan sedoyo, Dene menopo undangan kawulo, panjenengan kerso angrawuhi Nderek-nderek mriyahaken wontenipun acara Haflah Ahir Sanah ingkang dipun wonten aken deneng putro-putri panjenengan sedoyo.

Kulo atas nami pengasuh rumaos bingah lan bonggo yen acara puniko saget meriyah kados mekaten, kulo namung saget ndongaaken mugi-mugi panjenengan sedoyo lek nyempatne wekdal dateng mriki, lek repot golek sangu kanggo ragat dateng mriki, kangge tuku bensin kanggo nyarter colt, kangge rombongan dateng mriki mugo-mugo enggal dipun ijoli kalian Alloh ingkang langkung kathah ingkang tikel matikel, ingkang nyambut gawe dagang benjeng dagangane laris, sing tani benjeng panene tambah kathah, sing ternak mugo-mugo weduse, sapine, piti'e manak akeh, sedoyo ingkang sami rawuh mriki mugo-mugo rizqine sami barokah, Amin.

Poro bapak poro ibu ingkang kulo hormati

Selajengipun, atas nami pimpinan atau pengasuh (kepala sekolah) ngaturaken matur suwun sanget dumateng poro wali murid lan poro wali santri ingkang sampun mercados dateng kawulo nderek-nderek nitipne putrane dateng mriki, mboten sanes kulo nyuwun tambahe dungo pangestu mugo-mugo sedoyo Pengasuh lan sedoyo Dewan Guru ingkang mucal dateng mriki tansah pinaringan kesehatan, kesabaran lan ketabahan soho kedisiplinan sahinggo wenthah ngramut putro-putri panjenengan ngantos tamat lan hasil angggenipun tholabul ilmi lan angsalo ilmu ingkang manfa'at mashlahah lan barokah, Amin ya robbal alamin.

Ingkang terakhir kulo nyuwun agungipun pengapunten terutami dateng poro wali murid lan wali santri mbok menawi wonten hal-hal ingkang kirang nyocoki dateng panjenengan sangking segi kulo kemawon nyuwun pengapunten.

Sejatosipun sedoyo poro pengasuh lan sedoyo Dewan Asatidz sampun berusaha semaksimal mungkin memperbaiki sarana lan prasarana ingkang wonten tapi keranten sedoyo puniko sifatipun bertahap, dados sekedik demi sekedik sambi pados-pados dana tapi kulo yaqin dangu-dangu sedoyo kekirangan kolowahu bade terpenuhi, pramilo kulo nyuwun do'a restunipun dateng poro rawuh sedoyo.

Lan kintenipun Bapak Muballigh saking Jakarta ingkang kito tenggo sampun rawuh, pramilo kulo suwun mangke poro rawuh sedoyo sageto nderek
khidmat lan mirengaken punopo ingkang dipun dawuh-dawuhaken mangke. Kangge kulo kulo cekapi semanten, sedoyo kalepatan nyuwun pengapunten.

Kulo akhiri, wallahulmuwaffiq ilaa aqwaamit thoriq...

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarokaatuh

Teks Sambutan Dewan Guru Pada Acara Pelepasan Di Sekolah atau Pesantren dengan Bahasa Indonesia:

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x