Contoh Teks MC atau Pembawa Acara Bahasa Jawa Singkat Untuk Acara Tasyakuran dan Do'a

- 12 Juni 2022, 22:09 WIB
Contoh Teks MC atau Pembawa Acara Bahasa Jawa Singkat Untuk Acara Tasyakuran
Contoh Teks MC atau Pembawa Acara Bahasa Jawa Singkat Untuk Acara Tasyakuran /R.NUR/R.NUR/BERITA MATARAMAN

Poro Bapak Kiai dan poro ulama',
Poro Santri lan poro bapak,
Poro adik lan poro anak,
Poro rawuh ingkang sampun sami pinarak,
Ingkang senden tembok lan ingkang senden cagak,
Ingkang lenggah kanthi silo lan kepenak,
Kanti manah ingkang lego lan jenak,
Kanti ngadep hidangan ingkang warno-warno lan enak-enak,
Lan sedhoyo hadirin ingkang sampun mapan mapan tepak, kompak lan serempak,
sedoyo kolowau ingkang kulo hormati.

Sak derengipun kawuo matur nopo ingkang dados tugas kawulo, langkung rumiyin kawulo ngelahiraken raos puji lan syukur dumateng ngarsanipun Allah ingkang Moho Luhur,
ingkang kanti Rohmatipun kito saget ndugeni undangan Tasyakuran lan Tahlil niki.
Mugi-mugi pertemuan puniko kalian Alloh ingkang Moho Ghofur,
Dipun dadosno pertemuan ingkang Barokah lan Mabrur,
Ingkang andadosaken kito wilujeng wonten dunyo lan wonten qubur,
Ugi pikantuk Rohmat saking Alloh wonten ing Yaumin Nusyur,
Amin yaa Robbal 'Alamin...

Baca Juga: UPDATE Jenazah Putra Ridwan Kamil, Eril Menuju Cimaung, Tak Semua Orang Bisa Menyaksikan Prosesi Pemakaman

Ingkang kaping kalihipun mugiho salam bahagia Alloh lan rohmat,
Mugi katetepno dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad, Salah satunggalipun Nabi pemimpin umat,
Ingkang sangup bade paring syafa'at,
Mboten pandang sugih utawi mlarat,
Mboten pandang rakyat utawi pejabat,
Wonten ing dunyo lan wonten ing akherat.
Mugi-mugi kito sedoyo benjang tergolong tiang ingkang berhak nampi syafa'at,
Saking panjenenganipun mbenjang ing dinten qiyamat,
Amin yaa Robbal 'Alamin.

Poro Bapak poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kito dipun aturi rawuh wonten papan mriki mboten sanes inggih puniko dipun suwuni tambahipun barokah dungo, sepindah inggih puniko ndunga'aken panjenganipun Bapak H. Sholeh sak keluarganipun ingkang taksih sami sugeng mugi-mugiho tansah pinaringan kesarasan, kesehatan, kawilujengan soho kebahagiaan lahir lan batin. Sahinggo sageto tutuk anggenipun momong lan anggulo wenthah putro wayahipun lan sageto hasil nopo ingkang dados harapan lan cita-citanipun, Amin... yaa Robbal 'Alamin.

Ingkang kaping kalih ndunga'aken dumateng ahli keluarganipun Bapak H. Sholeh ingkang sampun kondur dateng Rohmatulloh khususipun inggih meniko tiang sepuh kakungipun Bapak H. Sholeh inggih meniko mbah H. Hasan ingkang saat meniko ngepasi Haulipun ingkang kaping sepisan (satus dinten) sangking sedhonipun.

Baca Juga: Apa itu Cargo Jenazah? Simak Penjelasan Singkatnya

Dene dungo ingkang dipun Suwon panjenenganipun Bapak H. Sholeh dateng kito sedoyo inggih puniko arupi washilah kalimah Tahlil ( waosan surat Yasin/ Khotmil Qur'an, dll ) ingkang fadhilah utawi barokahipun kalimah tahlil puniko dipun tuju'aken dumateng sedoyo arwah leluhuripun Bapak H. Sholeh sami ugi leluhur saking Bapak utawi Ibu lan khususipun malih dateng Roh ipun mbah H. Hasan ingkang sampun ngrumiyini dateng kito sedoyo. Lan mugi-mugi kanthi barokahipun kalimah Tahlil (Yasin) ingkang bade kito waos puniko mangke leres-leres sagedho wushul utawi dumugi dateng poro leluhur ingkang dipun kentuni dungo, khususipun panjenganipun mbah H. Hasan, sahinggo angsal maghfiroh sangking Alloh SWT. Dipún trimaho amal sahenipun lan dipun sepunten doso-dosonipun sahinggo kalaksana'aken deneng panjenenganipun Bapak H. Syukron. Dumateng panjenenganipun kulo sumangga'aken.

Poro rawuh mekaten kolowahu sambutan atas nami shohibul bait sampun kalaksana'aken, dumateng Bapak H. Syukron kulo atur aken matur nuwun.
Nglajengaken acaro ingkang kaping sekawan inggih puniko wahosan tahlil, wonten hal puniko bade dipun imami panjenenganipun Bapak Kyai Yazid. Dumateng Bapak Kyai Yazid, kawulo sumangga'aken.

Poro rawuh mekaten kolowahu tahlil sampun kito laksana aken, dumateng Bapak Kyai Yazid selaku Imam tahlil kawulo aturaken matur nuwon. Dene ingkang terakhir inggih puniko Do'a penutup wonten hal puniko dipun suwun dumateng panjenenganipun mbah KH. Jamaluddin, dumateng mbah KH. Jamaluddin kawulo sumangga'aken.......

Halaman:

Editor: Taufiqurrohman

Sumber: Buku Contoh Pidato Mawi Basa Jawi


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkini

x