Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Kelas 8 di Acara Perpisahan Sekolah

- 15 Mei 2022, 08:09 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Kelas 8 di Acara Perpisahan Sekolah
Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Kelas 8 di Acara Perpisahan Sekolah /Pexels.com/Emily Ranquist

Ingkang kulo hurmati Bapak Kepala Sekolah

Ingkang kulo hurmati ugi Bapak Ibu Guru

Lan ingkang kulo tresnani rencang-rencang sedoyo

Ingkang sepisan, monggo kito sareng-sareng ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Allah Swt.

Ingkang sampun paring katah kanikmatan, utominipun nikmat sehat lan nikmat sempat sehingga kito sed0yo saget makempal wonteng ing acara perpisahan kelas IX SMP Jaya Bangsa kanti mboten wonten alangan setunggal punopo.

Ingkang kaping kaleh, mugio sholawat soho salam tetap kaunjuk dumateng Nabi Muhammad Saw ingkang kito tenggo-tenggo syafaatipun ing yaumul kiyamah benjang. Aamiin Aamiin Ya Robbal Alamin.

Ingkang kaping tigo, kulo minagka wakil saking kelas 7 ugi kelas 8, teng mriki namun saget dongaaken dumateng kakak kelas kulo sedoyo ingkang sampun lulus. Lan bade nilaraken pawiyatan SMP Jaya Bangsa niki.

Mugi-mugi panjenengan sedoyo tansah pinaringan hidayah saking Allah. Lan kulo dongaaken mugi-mugi panjenengan sedoyo angsal sekolah ingkang sae, ingkang sampun diidam-idamke.

Kulo dongaaken mugi-mugi panjenengan sedoyo dados tiyang ingkang saget bekti kaleh tiyang sepah kalihipun lan bermanfaat kagem masyarakat, nusa bangsa lan agami.

Sepisan maleh, kulo pesen kaleh mas-mas lan mbak sedoyo, senajan sampun lulus, ampun kesupen kaleh bapak lan ibu guru SMP Jaya Bangsa lan kaleh kito adik-adik tingkat panjenengan. Mugi2 silaturrahim tetep kajagi ngantos selami-laminipun.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah