Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Terkait Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri

- 9 Mei 2022, 12:00 WIB
Berikut ini contoh teks pidato bahasa dalam bahasa Jawa kegiatan Halal Bihalal Hari Raya Idul Fitri secara singkat
Berikut ini contoh teks pidato bahasa dalam bahasa Jawa kegiatan Halal Bihalal Hari Raya Idul Fitri secara singkat /Pexels.com/pixabay

Ingkang kaping sepisan sumonggo kita ngaturaken puji lan syukur dhateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan dumateng kita sedaya sehinggo saget makempal wonten … (nama tempat) ing acara halal bihalal, kanthi mboten wonten alangan setunggalipun menapa.

Kulo ngaturaken matur sembah nuwun saget dhumateng sedaya ingkang sampun rawuh ing acara halal bihalal menika. Mugi-mugi niat ikhlasipun panjenengan sedaya sageto kecatet dados amal ingkang kesaenan dhateng Allah SWT. Amin yarobbal alamin.

Kaping kalihipun kulo ngaturaken selamat hari raya Idul Fitri, minal aidzin walfaidzin mohon maaf lahir dan batin. Mugi-mugi acara halal bihalal menika saget dados nglebur dosa antawisipun sapada, ingkang rumaos lepat mboten ka-ambali malih ing wekdal candhakipun. Ageng lan awitipun kelepatan, dosa, kekhilafan menika sandhangnipun tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa sliro, amrih gesang tansa bagyo minulyo.

Para rawuh ingkang Bagyo Minulyo, mbokmenawi ing acara halal bihalal ing kalenggahan, sesuguhan menika, wonten kekuranganipun kulo atas nami pribadi utawi mewakili keluarga nyuwun agunge pangapuro sak kathah-kathahipun.

Nggeh cekap semanten mawon atur kulo, menawi wonten kathah kalepatan atur dumateng para rawuh sedaya, kulo nyuwun agungipun samudra pangapuro.

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Hari Pendidikan Nasional Singkat dan Padat

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Tuan Rumah Acara Syukuran

Akhiru kalam Wabillahi taufik walhidayah, Wassalamualaikum wr.wb.***

Halaman:

Editor: U. Hadi


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkini

x