Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pentingnya Saling Memaafkan

- 9 Mei 2022, 15:00 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pentingnya Saling Memaafkan
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pentingnya Saling Memaafkan /Ilustradi Dok PRMN/

BERITA MATARAMAN – Inilah contoh pidato Bahasa Jawa singkat tentang pentingnya saling memaafkan.

Contoh pidato Bahasa Jawa ini bisa digunakan sebagai contoh ketika Anda hendak menyusun naskah pidato tentang pentingnya saling memaafkan.

Pidato Bahasa Jawa berikut ini akan sangat cocok jika disampaikan di acara halal bihalal di bulan Syawal yang kental dengan suasana saling maaf memaafkan.

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Mengaji

Langsung saja, inilah contoh pidato Bahasa Jawa singkat tentang pentingnya saling memaafkan.

Assalamualaikum Wr Wb

الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ ۗ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ :قال الله تعالى فى كتابه الكريم
اما بعد

Nuwun para rawuh ingkang dahat kinurmatan

Sumangga kita konjuk puja lan puji syukur dhateng Allah ingkang kagungan asmaning Al ‘Afwu ingkang tansah ngapuraken sedaya dosa ingkang mboten nate luput saking dhiri manungsa.

Sholawat saha salam tansah tercurahkan dhateng Nabi Muhammad saw. nabi ulul azmi ingkang kantosipun mboten wonten kinten ingkang tansah ngapuntenaken sedaya kelepatan kaum zalim.

Bapak Ibu para jamaah..

اَلْاِنْسَانُ مَحَلُّ الْخَطَاءِ وَالنِّسْيَانِ

Ingkang artosipun manungsa puniku  panggenanipun lepat lan kesupen. Sampun qodratipun manungsa tansah nglampahaken kelepatan.

Sumerep bab puniku, wekdal wonten tiyang nglampahaken kelepatan dhateng panjenengan dipunsengaja utawi mboten, punapa ingkang panjenengan lampahaken? Lampahan ingkang paling leres inggih punika ngapuntenaken.

Wekdal panjenengan mboten purun ngapuntenaken kelepatan tiyang sanes, panjenengan nglawan qodrat manungsa ingkang sejatosipun tansah lepat.

Padahal Allah ingkang inggih menika zat ingkang maha ngagunani sedayanipun mawon badhe ngapuntenaken dosa-dosa hambanipun sanadyan ngantos saageng redi.

Lajengipun punapa ingkang kita unggul-unggulne dumugi mboten purun ngapuntenaken tiyang sanes?

Bilih kita rumaos sampun nglampahaken kelepatan kalih tiyang sanes, kedahipun kita nggih langsung nedha pangapunten kalih tiyang kasebat.

Ngakeni kelepatan sanes gadhah artos kita kawon. Ngakeni kelepatan bermakna menawi kita nggadhahi tekad kangge dados langkung sae malih.

Wonten dinten ingkang sekedhap malih ajeng dados fitri, mangga kita siapaken manah kangge sami-sami maaf-memaafkan.

Mugi-mugi dosa kita melebur lan wangsul suci. Cekap puniku ingkang saget kula sampaikann. kelepatan lan kekuraangan nedha dipun-apuntenaken.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Baca Juga: Contoh Surat Undangan Halal Bihalal Idul Fitri 2022 Singkat untuk Pegawai Melalui WhatsApp Atau WA

Demikian contoh pidato Bahasa Jawa tentang pentingnya saling memaafkan.***

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini