Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pentingnya Saling Memaafkan

- 9 Mei 2022, 15:00 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pentingnya Saling Memaafkan
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pentingnya Saling Memaafkan /Ilustradi Dok PRMN/

Sholawat saha salam tansah tercurahkan dhateng Nabi Muhammad saw. nabi ulul azmi ingkang kantosipun mboten wonten kinten ingkang tansah ngapuntenaken sedaya kelepatan kaum zalim.

Bapak Ibu para jamaah..

اَلْاِنْسَانُ مَحَلُّ الْخَطَاءِ وَالنِّسْيَانِ

Ingkang artosipun manungsa puniku  panggenanipun lepat lan kesupen. Sampun qodratipun manungsa tansah nglampahaken kelepatan.

Sumerep bab puniku, wekdal wonten tiyang nglampahaken kelepatan dhateng panjenengan dipunsengaja utawi mboten, punapa ingkang panjenengan lampahaken? Lampahan ingkang paling leres inggih punika ngapuntenaken.

Wekdal panjenengan mboten purun ngapuntenaken kelepatan tiyang sanes, panjenengan nglawan qodrat manungsa ingkang sejatosipun tansah lepat.

Padahal Allah ingkang inggih menika zat ingkang maha ngagunani sedayanipun mawon badhe ngapuntenaken dosa-dosa hambanipun sanadyan ngantos saageng redi.

Lajengipun punapa ingkang kita unggul-unggulne dumugi mboten purun ngapuntenaken tiyang sanes?

Bilih kita rumaos sampun nglampahaken kelepatan kalih tiyang sanes, kedahipun kita nggih langsung nedha pangapunten kalih tiyang kasebat.

Ngakeni kelepatan sanes gadhah artos kita kawon. Ngakeni kelepatan bermakna menawi kita nggadhahi tekad kangge dados langkung sae malih.

Wonten dinten ingkang sekedhap malih ajeng dados fitri, mangga kita siapaken manah kangge sami-sami maaf-memaafkan.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah