Contoh Teks Pranatacara Adicoro Syawalan Bahasa Jawa Singkat

- 29 April 2022, 09:20 WIB
Contoh Teks Pranatacara Adicoro Syawalan Bahasa Jawa Singkat
Contoh Teks Pranatacara Adicoro Syawalan Bahasa Jawa Singkat /Mufid Majnun/Unsplash

BERITA MATARAMAN – Inilah contoh teks pranatacara adicoro syawalan dalam Bahasa Jawa.

Contoh teks pranatacara adicoro syawalan Bahasa Jawa ini bisa digunakan dalam acara syawalan di desa, sekolah, perumahan, kantor dan lain-lainnya.

Anda hanya tinggal mengedit contoh teks pranatacara adicoro syawalan Bahasa Jawa ini tipis-tipis sesuai kebutuhan.

Baca Juga: Contoh Teks MC atau Pranatacara Bahasa Jawa Halal Bihalal Singkat

Langsung saja, berikut ini contoh teks pranatacara adicoro syawalan dalam Bahasa Jawa singkat.

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Alhamdulillahirobbil’alamin, wassolatuwassalamu’ala asrofil ambiyai wal mursalin wa’ala ‘alihi wasohbihi aj’main amma ba’du.

Puji syukur sumangga kula lan panjenengan aturaken wonten ngarsa dalem Gusti ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan saha kasarasan.

Sahengga kula lan panjenengan saged makempal ing sasana punika saperlu nindakaken syawalan ing dinten ingkang fitri.

Wonten ngarsanipun para pepunden pinisepuh ingkang satuhu pantes kapepundi sarto kinabekten.

Wonten ngarsanipun para bapak ibu sarta para kadang werda, muda, ingkang pantes kinurmatan.

Kawula nyuwun lumunturingsih pangaksami dhumateng handika sami, awit kula kumowantun hanggempil kamardikan panjenengan sami, awit kula kapiji kinen nderekaken lampahing hadicara punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan.

Gegandengan wekdal sampun dungkap siang, pramila adicara punika enggal dipun awiwiti.

Ananging sakderengipun adicara kawiwitan, kula waosaken rantamaning adicara ingkang badhe lumampah wonten ing kalodangan punika :

Pambuka

Pamaosing ayat suci Al-Qur’an

Sambutan

Iqrar syawalan

Istirahat

Inti syawalan inggih punikasabdo tomo syawalan dipunlajengaken jabat asta

Purnaning adicara lan panutup dipunlajengaken dhahar kembul sesarengan.

Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe lumampang.

Sumangga adicara menika kita kawiwiani kanthi maos Basmalah sesarengan. Bismillahirohmanirohim.

Mugi-mugi kanthi waosan Basmalah punika Gusti Allah paring rahmat lan adicara punika saged lumampah kanthi wilujeng purwa madya engga wusana.

Salajengipun, adicara kaping kalih inggih punika pamaosing ayat suci AL-Qur’an dening sederek Aan kasumanggakaken. Mekaten menggah waosan ayat suci Al-Qur’an. Mugi-mugi ingkang maos sarto ingkang mirengaken pikantuk nugroho saking Allah SWT.

Salajengipun, adicara kaping tiga inggih punikaatur pangandikan sambutan. Dhumateng panjenenganipun titilaksana kula caosaken. Matur nuwun  dhumateng Bapak Wagiyo ingkang sampun paring atur pangandikan wonten ing adicara punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan  adicara kaping sekawan inggih menika Iqrar syawalan ingkang badhe pimpin dening Bapak Raharjo. Dhumateng panjenenganipun titilaksana kula sumanggaaken

Matur nuwun dhumateng Bapak Raharjo ingkang sapun mimpipin ikrar syawalan wonten ing wekdal punika. Mugi-mugi ikrar syawalan kula panjenengan sami dipun ijabahi dening Allah SWT, sahingga saget nambahi supeketing kekadangan warga RT 16. Aamiin

Mboten ngirangi kamardikan panjenengan sami anggenipun dhahar sarto ngunjuk sumangga adicara dipun lajengaken.

Adicara inkang kaping-enem inggih menika inti syawalan ingkang dipun aturaken panjenenganipun Bapak Ustad (...). Dhumateng panjenenganipun titilaksana kula caosaken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Ustad (...) ingkang sampun paring sabdatama syawalan wonten ing wekdal punika. Mugi-mugi kanthi sabdatama kalawau saget ndadosaken tambahing pangertosan saha kekiatan iman dhumateng kula panjenengan sami.

Para rawuh ingkang kinurmatan, adicara wiwit purwa madyo sampun kaleksanan kanthi wilujeng ing sedayangipun. Dumugi adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup.

Sumangga adicara kita pungkasi kanthi puji syukur waosan hamdalah. Alhamdulillahirobbil’alamin.

Saking kula minangka pranatacara menawi wonten kalepatanipun kawula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb***

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini