Contoh Teks MC Pembawa Acara Bahasa Jawa Singkat untuk Semua Acara

- 28 April 2022, 08:03 WIB
Contoh Teks MC Pembawa Acara Bahasa Jawa Singkat untuk Semua Acara
Contoh Teks MC Pembawa Acara Bahasa Jawa Singkat untuk Semua Acara /pexels

Ingkang sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng Allah Swt.

Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem acara temu manten meniko kanti keadaan sehat wal afiyat.

Kaping kalih, sholawat soho salam, mugi tetep katur kunjuk dumateng junjungan kito, inggih meniko kanjeng nabi Muhammad SAW.

Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah sehinggo saget kita raosaken sak meniko.

Mugi-mugi wonten yaumil Qiyamah mangke, kita pinaringan syafaat ingkang agung, syafaat ingkang kita antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya robbal alamin.

Ingkang kaping tigo, kulo minongko pranotocoro ing dalem puniko bade maosaken susunan acaro ing dinten meniko.

Nomer setunggal inggih puniko Pembukaan

Nomer kalih inggih puniko Wosan ayat-ayat suci Al-qur’an (tahlil)

Nomer tigo inggih puniko Sambutan

Nomer sekawan inggih puniko Doa

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x