BERITA MATARAMAN- Berikut ini adalah contoh pidato Bahasa Jawa tentang mengaji.
Contoh pidato Bahasa Jawa dengan tema mengaji ini bisa dijadikan panduan ketika Anda menyusun tugas sekolah yang berkaitan dengan penulisan pidato Bahasa Jawa.
Oleh karena sekadar contoh, teks pidato Bahasa Jawa singkat tentang mengaji ini bisa dikembangkan dan diedit sesuai kebutuhan Anda.
Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Akhlak
Langsung saja, inilah contoh pidato Bahasa Jawa singkat tentang mengaji.
Assalamu’alaikum Wr Wb
إِنَّ الَّذِينَ يَتْلُونَ كِتَابَ اللَّهِ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَأَنْفَقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلَانِيَةً يَرْجُونَ تِجَارَةً لَنْ تَبُور , الأية
Dhumateng para jamaah ingkang tansah kula hormati
Saha adhik-adhik ingkang kula tresnani
Sumangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur kita dhumateng Allah swt, panjenenganipun ingkang sampun nedhakaken Al Qurán ing Lailatul Qadr kagem pedoman sugeng sedaya umat Islam.
Sholawat lan salam kagem Nabi Muhammad saw. nabi ingkang ngasta mukjizat Al Qurán ingkang lestantun wonten saben jaman.
Para jamaah rahimakumullah
Al Qurán inggih punika kalam Allah, kitab suci umat Islam ingkang dados pitedah supados kita mboten kesasar wonten donya.
Al Qurán gadhah isi tata cara ngibadah, tata cara muamalah, sejarah, saha masa ngajeng. Sinten tiyangipun ajeng kasil wonten donya lan wonten akhirat, mila kedahipun maos lan ngamalaken Al Qurán.
Wangsulan saking tiyang ingkang maos Al Qurán inggih punika 1 aksara ingkang piyambakipun ngaos ngandhu 1 kesaenan.
Setunggal kesaenan puniku ajeng dilipat gandakan dening Allah dados 10 pahala kesaenan. Masyaallah
Ngaos Al Qurán sanadyan mboten sumerep artosipun, kados kita mendhet toya kalih timba bolong lan reged.
Punapa kasilipun? Kantenan mboten ajeng wonten toya ingkang kebekta, nanging ember ingkang saderengipun reged dados resik amargi kenging toya kaping pinten-pinten.
Puniki kados manah kita ingkang tansah kita basuh kalih ayat Al Qurán sanadyan mboten ngertos artosipun.
Punapa malih bilih kita ngaos Al Qurán kalih mangertosi artosipun. Balasanipun ajeng saya ageng
Pramila, mangga wiwit sapunika kita kathah ngaos Al Qurán supados kita angsal syafaatipun wonten akhirat benjing. Amin ya rabbal alamin.
Kula raos cekap puniki ingkang saget kula sanjangaken bilih wonten lepat kula nedha pangapunten.
Wassalamuálaikum Wr Wb
Baca Juga: Contoh Teks MC atau Pranatacara Bahasa Jawa Halal Bihalal Singkat
Demikian contoh pidato Bahasa Jawa tentang mengaji. Semoga bermanfaat.***
Artikel Rekomendasi