Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Mengaji

- 27 April 2022, 10:00 WIB
Ilustrasi - Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Mengaji
Ilustrasi - Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Mengaji /pixabay/

Sumangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur kita dhumateng Allah swt, panjenenganipun ingkang sampun nedhakaken Al Qurán ing Lailatul Qadr kagem pedoman sugeng sedaya umat Islam.

Sholawat lan salam kagem Nabi Muhammad saw. nabi ingkang ngasta mukjizat Al Qurán ingkang lestantun wonten saben jaman.

Para jamaah rahimakumullah

Al Qurán inggih punika kalam Allah, kitab suci umat Islam ingkang dados pitedah supados kita mboten kesasar wonten donya.

Al Qurán gadhah isi tata cara ngibadah, tata cara muamalah, sejarah, saha masa ngajeng. Sinten tiyangipun ajeng kasil wonten donya lan wonten akhirat, mila kedahipun maos lan ngamalaken Al Qurán.

Wangsulan saking tiyang ingkang maos Al Qurán inggih punika 1 aksara ingkang piyambakipun ngaos ngandhu 1 kesaenan.

Setunggal kesaenan puniku ajeng dilipat gandakan dening Allah dados 10 pahala kesaenan. Masyaallah

Ngaos Al Qurán sanadyan mboten sumerep artosipun, kados kita mendhet toya kalih timba bolong lan reged.

Punapa kasilipun? Kantenan mboten ajeng wonten toya ingkang kebekta, nanging ember ingkang saderengipun reged dados resik amargi kenging toya kaping pinten-pinten.

Puniki kados manah kita ingkang tansah kita basuh kalih ayat Al Qurán sanadyan mboten ngertos artosipun.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini