Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Tema Hari Pendidikan Nasional

- 24 April 2022, 08:38 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Tema Hari Pendidikan Nasional
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Tema Hari Pendidikan Nasional /Freepik.com/freepik

Puji syukur kita aturaken dhateng Allah swt. ingkang sampun ngastakaken dhateng manungsa punapa ingkang mboten dipun ngertosi saderengipun.

Sholawat kaliyan salam kita sanjangaken dhateng nabi kekasih Allah swt. Nabi Muhammad saw. nabi ingkang sampun dugi puncak keilmuwan, ingkang sumerep sedaya hukum lebeting Al Qur'an.

Para hadirin ingkang diberkahi Allah.

Dinten puniko inggih punika tanggal 2 Mei, inggih punika dinten pengetan pendidikan nasional.

Dinten niki nggeh puniko tanggal kelahiranipun tokoh pendidikan Indonesia ingkang paring asmo, Ki Hajar Dewantara. 

Dinten puniki dados pangemut menawi pendidikan yaiku bab ingkang wigatos kangge bangsa Indonesia.

Kados tujuwan indonesia ingkang sampun kacantum lebeting bebikak UUD 1945 alinea kaping sekawan.

Indonesia ngutamikaken sanget pendidikan. Lebet nyengkuyung program pendidikan, pamarintah nyiapaken dana BOS supados sadayaning masyarakat Indonesia angsal nuntut elmi tanpa pambengan biaya.

Dhawuhipun nuntut elmi ugi keserat lebet hadits Nabi Muhammad saw.

طَلَبُ اْلعِلْمْ فَرِثْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini