Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa Halal Bihalal di Desa, Kantor atau Sekolah

- 22 April 2022, 07:57 WIB
Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa Halal Bihalal di Desa, Kantor atau Sekolah
Contoh Teks Pembawa Acara MC Bahasa Jawa Halal Bihalal di Desa, Kantor atau Sekolah / Pexels/ Lucas Oliveira

Ingkang kula mulyakaken Ustadz (..)

Ingkang kula hormati Bapak (…)

Lan hadirin ingkang sampun kempal lebeting acara halal bi halal

Dumateng poro alim ulama, sesepuh soho pinisepuh ingkang tansah kulo hurmati lan kito to'ati

Ingkang sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng Allah Swt.

Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem acara halal bihalal meniko kanti keadaan sehat wal afiyat.

Kaping kalih, sholawat soho salam, mugi tetep katur kunjuk dumateng junjungan kito, inggih meniko kanjeng nabi Muhammad SAW.

Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah shinggo saget kita raosaken sak meniko.

Mugi-mugi wonten yaumil Qiyamah mangke, kita pinaringan syafaat ingkang agung, syafat ingkang kita antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya robbal alamin.

Ingkang kaping tigo, kulo minongko pranotocoro ing dalem acara halal bihalal puniko bade maosaken susunan acaro ing dinten meniko.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x