Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Tuan Rumah Acara Syukuran

- 21 April 2022, 21:02 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Tuan Rumah Acara Syukuran
Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Tuan Rumah Acara Syukuran /Pixabay/lograstudio

Langkung rumiyin sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat dhumateng kita sedaya.

Puji syukur wonten ngarsanipun Gusti, kita saged makempal ing enjing ingkang cerah punika kanthi sehat wal afiat saperlu ngawontenaken acara syukuran wonten ing dalemipun.

Langkung rumiyin, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun ngluangaken wekdal anggenipun rawuh wonten ing adicara syukuran menika.

Puji syukur kita sedaya saged makempal kanthi sehat wal afiat wonten ing adicara syukuran wonten ing dalemipun, inggih menika mengeti dalem ingkang enggal.

Kula minangka pembawa acara nyuwun donga pangestu mugi-mugi diparingi barokah saha barokah ing dalem ingkang sakmenika.

Ingkang kaping kalihipun, nyuwun pangapunten menawi sambutan, papan utawi dhahar ingkang kawulo aturaken kirang renaning penggalih panjenengan sedaya.

Mekaten kirang langkung sambutan saking kula. Muga-muga acara syukuran esuk iki bisa lancar. Amin yarobal alamin.

Menawi wonten lepat tembung utawi tumindak, nyuwun pangapunten.

Wasalamualaikum wr.wb

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Lailatul Qadar

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini