Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa dengan Tema Idul Fitri

- 21 April 2022, 18:00 WIB
Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa dengan Tema Idul Fitri
Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa dengan Tema Idul Fitri /twibbonize.com/MI Ma'arif 09 Pucung Lor

BERITA MATARAMAN – Berikut ini contoh teks pidato Bahasa Jawa dengan tema Idul Fitri.

Contoh teks pidato Bahasa Jawa tentang Idul Fitri dalam artikel ini bisa dijadikan tambahan referensi ketika Anda menyusun teks pidato dengan tema Hari Raya Idul Fitri.

Seperti diketahui, karena hanya sebagai contoh, teks pidato Bahasa Jawa dengan tema Idul Fitri ini perlu diedit sesuai kebutuhan.

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Silaturahmi, Singkat Padat dan Mudah Diingat

Contoh teks pidato berikut ini bisa dijadikan contoh untuk tugas sekolah, baik itu kelompok atau individu.

Tanpa berlama-lama, inilah contoh teks pidato Bahasa Jawa tentang Hari Raya Idul Fitri.

Assalamu’alikum Wr Wb

Ingkang tansah kawula mulyaaken, para Alim Ulama

Ingkang tansah kula utamiaken, para sesepuh pini sepuh

Lan sedaya para rawuh ingkang dirahmati Allah

Puji saha syukur tansah kita aturaken dhumateng Allahu ‘Azza Wa Jalla, ingkang sampun maringi kita kesempatan kagem kepanggih malih kaliyan riyadi warsa puniki.

Mboten kesupen sholawat lan salam kagem Nabi Muhammad, piyambakipun nabi pemberi syafaat dhateng umat ingkang taat, ingkang kita ajeng-ajeng wanci dinten kiamat.

Hadirin Hadirot Rahimakumullah

Dinten puniki sedaya umat muslim wonten donya ngrayakaken dinten raya riyadi. Sasampunipun kirang langkung sesasi ngelawan nafsu pungkasanipun dinten menika kita dugi kemenangan.

Lebeting dinten raya riyadi puniki, kita dipun sunahaken kagem bersilaturahmi dhateng sadherek, kanca, lan tiyang-tiyang wonten antawising kita.

Riyadi dados ajang menghapuskan sedaya dosa ingkang kita lampahi ingkang menawi nyakiti tiyang sanes.

Riyadi mboten naming gadhah makna nedha jajan segahan, nedha sangu, utawi ngagem ageman enggal.

Nanging makna saking riyadi inggih punika wangsul mensucikan dhiri saking dosa sadangu sawarsa ingkang rumiyin.

Kejawi ngiseni riyadi kalih bersilatutahmi, kita ugi saged nglampahaken amalan-amalan sunnah kados ngatah-ngatahi takbir.

Sumangga kita sareng-sareng maos takbir. Allahu Akbar..Allahu akbar...Allahu Akbar.. laa ilaaha illallaahu wallaahu akbar allaahu akbar wa lillaahilhamd.

Mugi-mugi warsa ngajeng kulo lan panjenengan taksih kepanggih kaliyan riyadi.

Lan mugi-mugi siyam kita kaliyan sawulan kebak lan amalan salami riyadi dipunserat dados amal ingkang sae. Amin ya Rabbal ‘Alamin.

Cekap semanten bahasan kula tentang dinten riyadi. Bilih wonten kirangan kulo nedha pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr Wb

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Lailatul Qadar

Demikian contoh pidato Bahasa Jawa dengan tema Idul Fitri.***

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini