Puji saha syukur tansah kita aturaken dhumateng Allahu ‘Azza Wa Jalla, ingkang sampun maringi kita kesempatan kagem kepanggih malih kaliyan riyadi warsa puniki.
Mboten kesupen sholawat lan salam kagem Nabi Muhammad, piyambakipun nabi pemberi syafaat dhateng umat ingkang taat, ingkang kita ajeng-ajeng wanci dinten kiamat.
Hadirin Hadirot Rahimakumullah
Dinten puniki sedaya umat muslim wonten donya ngrayakaken dinten raya riyadi. Sasampunipun kirang langkung sa sasi nglawan nafsu pungkasanipun dinten menika kita dugi kemenangan.
Lebeting dinten raya riyadi puniki, kita dipunsunahaken kagem bersilaturahmi dhateng sadherek, kanca, lan tiyang-tiyang wonten antawising kita.
Riyadi dados ajang menghapuskan sedaya dosa ingkang kita lampahan ingkang mengkin nyakiti tiyang sanes.
Riyadi mboten naming gadhah makna nedha jajan segahan, nedha sangu, utawi ngagem ageman enggal.
Nanging makna saking riyadi inggih punika wangsul mensucikan dhiri saking dosa sadangu sawarsa ingkang rumiyin.
Kejawi ngiseni riyadi kalih bersilatutahmi, kita ugi saged nglampahaken amalan-amalan sunnah kados ngatah-ngatahi takbir.
Sumangga kita sareng-sareng maos takbir. Allahu Akbar..Allahu akbar...Allahu Akbar.. laa ilaaha illallaahu wallaahu akbar allaahu akbar wa lillaahilhamd.