Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Singkat tentang Hari Kartini

- 13 April 2022, 16:00 WIB
Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Hari Kartini
Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Hari Kartini /Pixabay.com/arivleone

Puji syukur tansah kita limpahkan dhateng Allah, amargi kaliyan rahmatipun kita saged kepanggih lan kempal lebet kawontenan sehat wal afiyat.

Sumangga kita bersholawat dhateng nabi Muhammad saw ingkang sampun menuntun kita saking petengan tumuju cahaya islam

Para rawuh ingkang kula hormati

Dinten menika tanggal 21 April, dinten ingkang inggih punika dinten wiyosan salah satunggaling tokoh estri  ingkang berjasa sanget kagem Indonesia.

Piyambakipun inggih menika R.A Kartini. Agengipun jasa piyambakipun kagem memperjuangkan pendidikan wonten Indonesia, utaminipun pendidikan estri.

Jaman semanten, ingkang angsal sekolah namung para jaler. Estri  ingkang angsal sekolah ugi naming saking kalangan bangsawan.

Bab puniku menyebabkan derajat estri andhap sanget jaman niku. Kalih pemikiran lan perjuangan R.A Kartini, estri saged ngenyam pendidikan lan setara kalih para jaler,  wonten bidang ekonomi, sosial, utawi politik.

RA. Kartini saestu menawi lebet dhiri estri wonten ayahan ingkang wigatos kagem ngasta para calon penerus bangsa.

Amargi para estri inggih punika sekolah pertami kagem peputranipun mangke.

Berkat perjuangan piyambakipun, sampun mboten wonten malih alesan kangge kita, utaminipun para estri kangge mboten nuntut elmi .

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x