Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Bekti Marang Wong Tuwo

- 1 April 2022, 14:00 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Bekti Marang Wong Tuwo
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Bekti Marang Wong Tuwo /pixabay.com

Assalamualaikum wr.wb

Ingkang kula hormati Bapak/Ibu kepala sekolah SD Suka Jaya. Ingkang kula hormati Bapak/Ibu guru SD Suka Jaya. Lan rencang-rencang sedoyo  Suka Jaya  ingkang kula tresnani.

Mboten wonten ucapan ingkang luwih agung tinimbang Puji Syukur marang Allah SWT sampun maringi kita sedoyo nikmat, kesehatan sehingga biso dateng wonten mriki. Lan mboten supe Nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi petunjuk dumateng kita sedoyo.

Ing papan menika kula diutus nyampekake sesorah bab Bekti Marang Wong tuo.

Menghormati wong tuo iku salah sijine perintah Allah SWT. Apik marang wong tuo iku wes kelbu bekti marang wong tuo. Ora mung kuwi, ana pirang-pirang jinis bekti marang wong tuo sing biso dipraktekake supaya ora dadi anak durhaka.

Jinis bekti marang wong tuo yaiku ora ngomong kasar marang wong tuo, ngajeni wong tuo, sayang marang wong tuo, lan sak panungggalane.

Bekti marang wong tuo mujudake rasa syukur marang wong tuo kang wis nguwei rasa sayang lan didik wiwit cilik nganti dewasa.

Ojo nganti 9 ulan ana ing kandungan ibu, banjur digedekne nganggo kasih sayang wong tuo, malah tinindak durhaka marang wong tuo. Tumindak apik  marang wong tuo yaiku perihal kang kudu kita lakoni.

Wonten kesempatan niki, Kula ngaturaken piweling dhumateng Kula lan kanca², bahwa kita sedoyo mboten saged mbales manapa ingkang sampun dipunparingaken dening wong tuo. Nanging, tumindak apik marang wong tuo lan ora ngomong kasar, niku sampun dados kebahagiaan wong tuo.

Pungkasan, Mugi kita sedoyo termasuk anak ingkang Bekti marang wong tuo. Lan ojo Sampek kita ngarani ati lan perasaane wong tuo kita Karo tindak tanduk utawa ucapan kita.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x