Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Sambutan Ketua Takmir Masjid Menyambut Ramadhan

- 31 Maret 2022, 10:00 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Sambutan Ketua Takmir Masjid Menyambut Ramadhan
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Sambutan Ketua Takmir Masjid Menyambut Ramadhan /pexels./ Gezer Amorin

Saha adhik-adhik ingkang kawula tresnani

Langkung sepindah, kita panjataken raosan syukur dhumateng Allah, damel kesarasan kita ingkang anjalari kula lan panjenengan sedaya tasik kepanggeh maleh kaliyan wulan Ramadlan. Inggih punika wulan diturunkanipun Al Qur’an, wulan dipunbusek sedaya dosa, lan dilipatgandakan sedaya pahala.

Kaping kaleh, sholawat lan salam kita aturaken dhumateng Nabi Muhammad saw. Nabi penyelamat kagem umat-umat ingkang taat, benjing dinten kiamat.

Para hadirin ingkang dirahmati Allah

Siyam inggih punika nahan diri saking nedha lan unjuk saha bab-bab ingkang mbatalaken siyam, wiwit terbit fajar dumugi sumerep srengenge. Lebet Surat Al Baqarah ayat 183 ingkang kala wau sampun kula waos, Allah sampun kantenan ndawuhaken kita kagem siyam Ramadlan.

Siyam niku hukumipun wajib kagem sedayaning tiyang. Sinten mawon ingkang wajib? Yaiku tiyang Islam, tiyang berakal, tiyang ingkng sampun baligh, lan tiyang kumawi.

Saleresipun, menapa tujuan Allah ndawuhaken kita kagem siyam? Inggih menika supados kita ngraosaken punapa ingkang dipunraosaken tiyang miskin wanci kekirangan tedha, kalih kados puniku kita saget luwih bersyukur dhateng Allah.

Siyam saged nglatih kita kangge kantos lan nahan dhiri. Siyam ugi saged nyarasaken badan, amargi metabolisme badan dados langkung lancar. Kaliyan sumerep kados menika kathahipun manfaat siyam, sampun mboten wonten alesan kangge kita nilaraken siyam.

Mekatena ingkang saged kula aturaken, nyuwun pangapunten menawi wonten klintu tembung.

Mugi-mugi tahun ngajeng, kita sedaya tasek diparingi kesempatan lan saged kepanggeh kaliyan siyam Ramadlan. Amin ya rabbal ‘alamin. Monggo kita sedaya aturaken Ahlan wa Sahlan Syahril Ramadlan.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x