Monggo kita sedoyo memanjaatkan puji lan syukur marang Allah SWT, mugi-mugi tansah diparingi rahmat lan barokah saking Allah SWT amargi kanthi rahmat lan hidayahipun kita sedaya saged makempal wonten ing adicara enjing menika.
Mboten kesupen sholawat salam kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tunggu syafaatipun wonten ing yaumul akhir.
Kula selaku ketua RT ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak lan para remaja ingkang sampun rawuh ing rapat rutin menika.
Ing rapat niki kula bakal ngaturake sawetara perkara. Ingkang kapisan inggih menika bab gotong royong ingkang dipunwontenaken saben dinten Minggu.
Kanggo dina Minggu ngarep, gotong royong diwiwiti jam 07.00 nganti rampung, lan distribusi tetep kaya sing wis ana.
Ingkang kaping kalih kula badhe ngaturaken babagan lomba 17 Agustus wonten ing RT kita, inggih menika RT 01 ingkang badhe dilaksanaaken dinten Senen lan Selasa.
Kula panyuwun kanthi teliti lan sae supados adicara saged lumampah kanthi lancar. Inggih punika ingkang kula aturaken ing rapat rutinan dinten punika.
Mugi-mugi adicara lan kagiyatan rutin saged migunani tumrap kita sedaya warga RT 01. Kurang luwih kulo nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb.
Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Sambutan Ketua Panitia Halal Bihalal di Sekolah
Artikel Rekomendasi