Contoh Teks MC atau Pembawa Acara Bahasa Jawa Singkat Untuk Acara Tasyakuran dan Do'a

12 Juni 2022, 22:09 WIB
Contoh Teks MC atau Pembawa Acara Bahasa Jawa Singkat Untuk Acara Tasyakuran /R.NUR/R.NUR/BERITA MATARAMAN

BERITA MATARAMAN - Pada artikel kali ini akan disajikan contoh teks MC atau pembawa acara Bahasa Jawa yangn singkat untuk acara tasyakuran dan do'a.

Biasanya, para santri diberikan amanah untuk membawakan suatu acara atau menjadi MC atau pembawa acara. Tidak hanya dalam bahasa Indonesia, namun terkadang juga diminta dalam bahasa Jawa.

Terlebih ketika berada di masyarakat yang mayoritas suku Jawa. Maka, teks MC atau pembawa acara yang tepat adalah dengan menggunakan Bahasa Jawa pula.

Baca Juga: Contoh Teks MC Singkat Bahasa Inggris dan Indonesia, Cocok Untuk Seminar di Sekolah Tentang Pemanasan Global

Pembawa acara atau MC dengan bahasa Jawa ini dibawakan pada acara-acara tertentu, misal pada acara tasyakuran dan doa meninggalnya seseorang.

Biasanya pihak keluarga mengadakan acara untuk berdo'a bersama. Nah, bagi Anda yang kebetulan diberikan amanah sebagai MC yang kebetulah dilingkungan orang Jawa, maka sebaiknya menggunakan teks MC atau pembawa acara Bahasa Jawa terutama yang singkat dan mudah dipahami.

Berikut contoh teks MC atau pembawa acara singkat Bahasa Jawa untuk acara tasyakuran dan Do'a di bawah ini.

Baca Juga: Contoh Teks MC Pengumuman atau Maklumat Sholat Jumat, Jelas dan Singkat

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabaarokaatuh
Alhamdulillahi rabbil ‘aalamin, was sholatu wassalamu ‘ala, asyrofil ambiyaai wal mursalin, wa a’laa aalihi wa shahbihi ajma'in amma ba’du
Hadratal kuromaa' wal fudholaa'

Poro Bapak Kiai dan poro ulama',
Poro Santri lan poro bapak,
Poro adik lan poro anak,
Poro rawuh ingkang sampun sami pinarak,
Ingkang senden tembok lan ingkang senden cagak,
Ingkang lenggah kanthi silo lan kepenak,
Kanti manah ingkang lego lan jenak,
Kanti ngadep hidangan ingkang warno-warno lan enak-enak,
Lan sedhoyo hadirin ingkang sampun mapan mapan tepak, kompak lan serempak,
sedoyo kolowau ingkang kulo hormati.

Sak derengipun kawuo matur nopo ingkang dados tugas kawulo, langkung rumiyin kawulo ngelahiraken raos puji lan syukur dumateng ngarsanipun Allah ingkang Moho Luhur,
ingkang kanti Rohmatipun kito saget ndugeni undangan Tasyakuran lan Tahlil niki.
Mugi-mugi pertemuan puniko kalian Alloh ingkang Moho Ghofur,
Dipun dadosno pertemuan ingkang Barokah lan Mabrur,
Ingkang andadosaken kito wilujeng wonten dunyo lan wonten qubur,
Ugi pikantuk Rohmat saking Alloh wonten ing Yaumin Nusyur,
Amin yaa Robbal 'Alamin...

Baca Juga: UPDATE Jenazah Putra Ridwan Kamil, Eril Menuju Cimaung, Tak Semua Orang Bisa Menyaksikan Prosesi Pemakaman

Ingkang kaping kalihipun mugiho salam bahagia Alloh lan rohmat,
Mugi katetepno dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad, Salah satunggalipun Nabi pemimpin umat,
Ingkang sangup bade paring syafa'at,
Mboten pandang sugih utawi mlarat,
Mboten pandang rakyat utawi pejabat,
Wonten ing dunyo lan wonten ing akherat.
Mugi-mugi kito sedoyo benjang tergolong tiang ingkang berhak nampi syafa'at,
Saking panjenenganipun mbenjang ing dinten qiyamat,
Amin yaa Robbal 'Alamin.

Poro Bapak poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kito dipun aturi rawuh wonten papan mriki mboten sanes inggih puniko dipun suwuni tambahipun barokah dungo, sepindah inggih puniko ndunga'aken panjenganipun Bapak H. Sholeh sak keluarganipun ingkang taksih sami sugeng mugi-mugiho tansah pinaringan kesarasan, kesehatan, kawilujengan soho kebahagiaan lahir lan batin. Sahinggo sageto tutuk anggenipun momong lan anggulo wenthah putro wayahipun lan sageto hasil nopo ingkang dados harapan lan cita-citanipun, Amin... yaa Robbal 'Alamin.

Ingkang kaping kalih ndunga'aken dumateng ahli keluarganipun Bapak H. Sholeh ingkang sampun kondur dateng Rohmatulloh khususipun inggih meniko tiang sepuh kakungipun Bapak H. Sholeh inggih meniko mbah H. Hasan ingkang saat meniko ngepasi Haulipun ingkang kaping sepisan (satus dinten) sangking sedhonipun.

Baca Juga: Apa itu Cargo Jenazah? Simak Penjelasan Singkatnya

Dene dungo ingkang dipun Suwon panjenenganipun Bapak H. Sholeh dateng kito sedoyo inggih puniko arupi washilah kalimah Tahlil ( waosan surat Yasin/ Khotmil Qur'an, dll ) ingkang fadhilah utawi barokahipun kalimah tahlil puniko dipun tuju'aken dumateng sedoyo arwah leluhuripun Bapak H. Sholeh sami ugi leluhur saking Bapak utawi Ibu lan khususipun malih dateng Roh ipun mbah H. Hasan ingkang sampun ngrumiyini dateng kito sedoyo. Lan mugi-mugi kanthi barokahipun kalimah Tahlil (Yasin) ingkang bade kito waos puniko mangke leres-leres sagedho wushul utawi dumugi dateng poro leluhur ingkang dipun kentuni dungo, khususipun panjenganipun mbah H. Hasan, sahinggo angsal maghfiroh sangking Alloh SWT. Dipún trimaho amal sahenipun lan dipun sepunten doso-dosonipun sahinggo kalaksana'aken deneng panjenenganipun Bapak H. Syukron. Dumateng panjenenganipun kulo sumangga'aken.

Poro rawuh mekaten kolowahu sambutan atas nami shohibul bait sampun kalaksana'aken, dumateng Bapak H. Syukron kulo atur aken matur nuwun.
Nglajengaken acaro ingkang kaping sekawan inggih puniko wahosan tahlil, wonten hal puniko bade dipun imami panjenenganipun Bapak Kyai Yazid. Dumateng Bapak Kyai Yazid, kawulo sumangga'aken.

Poro rawuh mekaten kolowahu tahlil sampun kito laksana aken, dumateng Bapak Kyai Yazid selaku Imam tahlil kawulo aturaken matur nuwon. Dene ingkang terakhir inggih puniko Do'a penutup wonten hal puniko dipun suwun dumateng panjenenganipun mbah KH. Jamaluddin, dumateng mbah KH. Jamaluddin kawulo sumangga'aken.......

Baca Juga: Cara Membuat Daftar Isi Otomatis di Microsoft Word untuk Karya Tulis Skripsi

Poro rawuh mekaten kolowahu wahosan donga sampun kalaksana'aken, dumateng mbah KH. Jamaluddin kawulo aturaken matur nuwon. Poro rawuh ! mekaten kolowahu sedoyo acoro sampun kalaksana'aken mugi-mugi barokah lan ganjaranipun kalimah tahlil kolowahu sageto wushul dateng poro Arwah ingkang dipun kentun lan khususipun dateng rohipun mbah H. Hasan ingkang sa'at meniko leres haulipun ingkang kaping sepindah, mugi-mugi panjenenganipun dipun paringi maghfiroh deneng Alloh SWT. Lan dipun paringi pinten-pinten rohmat lan ni'mat wonten alam quburipun, Amin yaa Robbal 'Alamin.

Lan saking kawulo selaku pranoto adicoro wonten ing sa'at puniko sedoyo kekhilafan lan sedoyo kesalahan kawulo, kawulo nyuwon agungipun pangapunten, lan monggo acara puniko kito tutup kanthi ucapan: Alhamdulillahirabbil 'aalamiin.... Mekaten, ingkang saget kulo sampe'aken. Kulo akhiri wallahul muwaffiq ilaa aqwaamit thaariq... Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Demikian tadi Contoh Teks MC atau Pembawa Acara Singkat Bahasa Jawa Untuk Acara Tasyakuran dan Do'a. Semoga bermanfaat.***

Editor: Taufiqurrohman

Sumber: Buku Contoh Pidato Mawi Basa Jawi

Tags

Terkini

Terpopuler