Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Singkat tentang Hari Kartini

13 April 2022, 16:00 WIB
Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Hari Kartini /Pixabay.com/arivleone

BERITA MATARAMAN – Inilah contoh Pidato Bahasa Jawa singkat tentang peringatan Hari Kartini.

Contoh Pidato Bahasa Jawa singkat peringatan Hari Kartini ini bisa dijadikan referensi ketika Anda ingin membuat naskah pidato sendiri untuk tugas sekolah atau untuk ujian.

Oleh karena hanya contoh, Pidato Bahasa Jawa singkat peringatan Hari Kartini dalam artikel berikut bisa dikembangkan sesuai kreativitas Anda .

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Semangat Belajar

Peringatan Hari Kartini diperingati setiap tanggal 21 April 2022.  Langsung saja, berikut contoh Pidato Bahasa Jawa peringatan Hari Kartini.

Assalamualaikum wr wb.

Dhumateng Bapak/Ibu Kepala sekolah ingkang kinurmatan,

Bapak/Ibu guru saha tamu undangan ingkang kula hormati

Lan rencang-rencang sekolah ingkang kula tresnani

Puji syukur tansah kita limpahkan dhateng Allah, amargi kaliyan rahmatipun kita saged kepanggih lan kempal lebet kawontenan sehat wal afiyat.

Sumangga kita bersholawat dhateng nabi Muhammad saw ingkang sampun menuntun kita saking petengan tumuju cahaya islam

Para rawuh ingkang kula hormati

Dinten menika tanggal 21 April, dinten ingkang inggih punika dinten wiyosan salah satunggaling tokoh estri  ingkang berjasa sanget kagem Indonesia.

Piyambakipun inggih menika R.A Kartini. Agengipun jasa piyambakipun kagem memperjuangkan pendidikan wonten Indonesia, utaminipun pendidikan estri.

Jaman semanten, ingkang angsal sekolah namung para jaler. Estri  ingkang angsal sekolah ugi naming saking kalangan bangsawan.

Bab puniku menyebabkan derajat estri andhap sanget jaman niku. Kalih pemikiran lan perjuangan R.A Kartini, estri saged ngenyam pendidikan lan setara kalih para jaler,  wonten bidang ekonomi, sosial, utawi politik.

RA. Kartini saestu menawi lebet dhiri estri wonten ayahan ingkang wigatos kagem ngasta para calon penerus bangsa.

Amargi para estri inggih punika sekolah pertami kagem peputranipun mangke.

Berkat perjuangan piyambakipun, sampun mboten wonten malih alesan kangge kita, utaminipun para estri kangge mboten nuntut elmi .

Hadirin sedaya.

Dados penerus bangsa Indonesia, mangga kita  nglajengaken perjuangan R.A Kartini kagem majengaken pendidikan Indonesia.

Dipunwiwiti saking bab alit , inggih punika dhiri kita, kalih sinau saestu nggayuh gegayuhan.

Mugi-mugi Allah tansah maringi kita sedaya kegampilan lebet sinau lan lebet sedaya bab ingkang kita kajengaken.

Namung kedik ingkang saget kula aturaken. Agungipun pangapura kula suwun menawi wonten lepat lan kekirangan kula.

Wassalamualaikum wr. Wb

 Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Semangat Belajar

Demikian contoh Pidato Bahasa Jawa peringatan Hari Kartini. Semoga bermanfaat.**

Editor: R. Nur

Tags

Terkini

Terpopuler