Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa 8 Juli 2022, Wulan Besar: Tawaran Mapinten Amal Kesaenan

- 6 Juli 2022, 15:39 WIB
Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa 8 Juli 2022, Wulan Besar: Tawaran Mapinten Amal Kesaenan
Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa 8 Juli 2022, Wulan Besar: Tawaran Mapinten Amal Kesaenan /ade kurniawan

BERITA MATARAMAN - Berikut ini akan redaksi berikan contoh teks khutbah Jumat 8 Juli 2022 dengan judul "Wulan Besar: Tawaran Mapinten Amal Kesaenan". Berkaitan dengan menjelang Bulan Dzulhijjah atau Idul Qurban, berikut contoh teks khutbah Jumat 8 Juli 2022 untuk disampaikan.

Bagi Anda yang kebetulan mendapat tugas sebagai khatib, maka contoh teks khutbah Jumat 8Juli 2022 ini sangat tepat Anda bawakan. 

Terutama yang masyarakat atau jamaahnya mayoritas jawa, contoh teks khutbah Jumat 8 Juli 2022 merupakan contoh teks khutbah dalam bahasa Jawa.

Baca Juga: Contoh Teks Khutbah Jumat Singkat Tentang Tiga Amalan Khusus Pada Bulan Dzulhijah

Selain mudah dibaca, contoh teks khutbah Jumat 8 Juli 2022 ini juga isinya ringan dan mudah untuk dilaksanakan. Anda juga dapat merubah dan menyesuaikan isi contoh teks khutbah Jumat 8 Juli 2022 ini sesuai kebutuhan.

Langsung saja, berikut ini contoh teks khutbah Jumat 8 Juli 2022 dengan bahasa Jawa dengan judul "Wulan Besar: Tawaran Mapinten Amal Kesaenan".

Selamat membaca.

 

 Khutbah I
 
اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أله وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ، أُوْصِيْنِيِ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللّٰهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وقَالَ تَعالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللّٰهُ العَظِيمُ
 

Jamaah Jum’ah Ingkang Minulyo

Sumonggo kita tansah ningkataken ketaqwaan dumateng Allah SAW kanti ngelampahi sedaya perintah-perintah ipun soho nebihi sedaya awisan-awisan ipun. Lan ampun ngantos kita benjang pejah kejawi netepi agami Islam.

Jamaah jum’ah ingkang minulyo

Perlu dipun mangertosi, bilih sak meniko kita sampun mlebet salah setunggalipun wulan ingkang agung, wulang ingkang mulyo inggih meniko wulan Dzulhijjah. Wulan Dzulhijjah meniko salah setunggalipun wulan saking sekawan wulan ingkang dipun wastani Asyhurul Hurum, yakni wulan-wulan ingkang dipun mulyaaken deneng Allah. Ateges sekawan wulan meniko, Allah paring keistimewaan-keistimewaan ingkang mboten dipun paringaken dateng wulan-wulan lintunipun.

Dipun dawuh aken dateng kitab Nuzhatul Majalis karya saking syekh Abdurrohman bin ‘Abdissalam bin ‘Abdirrohman bin ‘Ustman al-Syafi’i bilih, wulan Dzulhijjah meniko dipun mulyaaken deneng Allah lantaran wonten syariat arupi pasa ‘Arofah. Wonten wulan Dzulhijjah, Allah mulyaaken dateng sekawan Nabi, inggih meniko sepindah, Allah nampi taubat ipun nabi Adam; nomer kalih, Allah paring dawuh secara langsung dateng nabi Musa wonten gunung Thur; nomer tigo, Allah paring kamulyan dateng nabi Muhammad nyempurnaaken Rukun Islam kanti Haji, lan ingkang terakhir, naliko nabi Ibrahim nyembelih nabi Ismail selajeng Allah ngijoli kaliyan wedus, ugi terjadi wonten wulan Dzulhijjah.

Magayutan kaliyan keistimewaanipun wulan Dzulhijjah, dipun dawuh aken maleh dateng kitab Nuzhatul Majalis, bilih Kanjeng Nabi dawuh:

 
مَنْ صَامَ يَوْمَ التَّرْوِيَةِ  أَعْطَاهُ اللّهُ ثَوَابَ أَيُّوبَ عَلَيْهِ السَّلامُ عَلَى بَلاَئِهِ، وَمَنْ صَامَ يَوْمَ عَرَفَةَ أَعْطَاهُ اللَّهُ ثَوَابًا مِثْلَ ثَوابِ عِيْسَى عَلَيْهَ السَّلامُ
 

Artosipun: “Sopo wonge pasa dino Tarwiyah mongko Allah aweh ganjaran koyo ganjarane nabi Ayub AS naliko katatrapan cobo, lan sopo wonge pasa dino ‘Arofah, Allah paring ganjaran koyo ganjarane nabi ‘Isa AS”.

Imam al-Rozi dawuhaken bilih, tanggal 8 saking wulan Dzulhijjah meniko dipun wastani Tarwiyah, wondene tanggal 9 Dzulhijjah dipun wastani dinten ‘Arofah. Magayutan kaliyan utomo nipun dinten Tarwiyah ugi dinten ‘Arofah, taksih mundut katerangan saking kitab Nuzhatul Majalis:

 
عَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللّهُ عَنْهَا: عَنِ النَّبيِّ صلّى اللّه عليه وسلّم  قال: إنَّ فِي الجَنّةِ قُصُورًا مِنْ دُرٍّ وَيَاقُوْتٍ وزَبَرْجِدٍ وَذَهَبٍ وَفِضَّةٍ  قُلْتُ : يَارَسُولَ اللّهِ لِمَنْ هِيَ؟ قَالَ : لِمَنْ صَامَ يَوْمَ عَرَفَةَ، يَا عَائِشَةَ: مَنْ أَصْبَحَ صَائِمًا يَوْمَ عَرَفَةَ فَتَحَ اللّهُ عَلَيْهِ ثَلاثِيْنَ بَابًا مِنَ الخَيْرِ وَأغْلَقَ عَنْهُ ثَلاثِينَ بَابًا مِنَ الشَّرِّ، فَإِذَا أَفْطَرَ وَشَرِبَ اْلمَاءَ اسْتَغْفَرَ لَهُ كُلُّ عِرْقٍ فِي جَسَدِهِ”.
 

Artosipun: “Dipun riwayat aken saking sayidah ‘Aisyah RA, mundut dawuh saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW bilih: “Sak temene ono suwargo iku ono istana-istana soko mutioro, soko Yaqut/permoto, soko Zamrud, emas lan soko perak”. Nuli ingsun matur marang kanjeng nabi: “Ya Rasul, kagem sinten istana-istana kolowau?” Kanjeng Nabi njawab: “Kanggo wong seng pasa ‘Arofah. ‘Aisyah, sopo wonge pasa dino ‘Arofah mongko Allah mbukak marang dewe’e 30 lawang kebagusan lan Allah nutup marang dewe’e 30 lawang keolonan. Lan naliko dewe’e buko, nuli ngombe mongko sekabehane keringet seng ono awake, njalukno ngapuro marang dewe’e”.

Wonten katerangan maleh magayutan kaliyan dinten ‘Arofah, inggih meniko:

 
وعَنِ الفَضَلِ ابْنِ اْلعَبَّاسِ رضي اللّه عنه عَنِ النبيِّ صلّى اللّه عليه وسلّم قال: مَنْ حَفِظَ لِسَانَهُ وَسَمْعَهُ وَبَصَرَهُ يَوْمَ عَرَفَةَ غُفِرَ لَهُ إِلَى عَرَفَةَ
 

Artosipun : Dipun riwayataken saking sohabat Fadlol ibnil ‘Abbas RA, saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW, “Sopo wonge ngrekso lisane, kupinge lan mripate ing dalem dino ‘Arofah mongko doso-dosone wong mau dingapuro deneng Allah tumeko ‘Arofah kang bakal teko”.

Mundut dawuh saking hadits kolowau, kangge nggayuh fadilah ingkang agung kados mekaten kolowau, monggo, milai sak meniko kita sami belajar ngrekso lisan, ngrekso kuping, soho peningal kita, sampun ngantos mripat, kuping soho lisan meniko terbiasa dipun ginaaken kangge perkawis-perkawis ingkang mboten dipun remeni kaliyan Allah, malah-malah nyebab aken bendune Allah. 

Perkawis-perkawis ingkang nyebabaken bendune Allah, kados dene goroh/mblituk, nggunem alane liyan/ngrasani, mirengne utawi ningali perkawis-perkawis ingkang dipun larang deneng agami, lan lintu-lintunipun. Monggo poro jamaah, Perkawis-perkawis kolo wau sami kita gatosaken langkung-langkung wonten dinten Tarwiyah lan ‘Arofah.

Jamaah Jum’ah Ingkang Minulyo

Kemuliaan Wulan Dzulhijjah, sak lintunipun kerono wonten ipun dinten Tarwiyah soho dinten ‘Arofah, wulan Dzulhijjah saget istimewa lan mulyo meniko amargi tanggal 10 Dzulhijjah meniko merupakan dinten Riyoyo nipun umat Islam, ingkang dipun wastani kaliyan ‘Idul Adha utawi Riyoyo Qurban. Saking mulyo nipun Riyoyo Idul Adha, katah sanget amaliah-amaliah ingkang menawi dipun lampahi pikantuk ganjaran soho piwales ingkang mboten sak mestinipun, mboten sami kaliyan menawi dipun lampahi wonten sak lintunipun dinten Idul Adha. 

Salah setunggal ipun amaliah ingkang paling dipun remeni kaliyan Allah wonten dinten Riyoyo Qurban inggih meniko berkurban utawi mbelih hewan Qurban. Dipun dawuh aken wonten kitab Sunan Turmudzi bilih:

 
مَا عَمِلَ أَدَمِيٌ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلىَ اللّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ  إِنَّهَا لَتَأتِي يَوْمَ اْلقِيَامَةِ بِقُرُونِهَا وَأَشْعَارِهَا وَأَظْلَافِهَا وَأنَّ الدّمَ لَيَقَعُ مِنَ اللَّهِ بِمَكَانٍ قَبْلَ أَنْ يَقَعَ مِنَ اْلأَرْضِ فَطِيْبُوا بِهَا نَفْسًا
 

Artosipun: “Ora ono ngamale anak-putune Nabi Adam, ing dalem dino riyoyo Qurban kang den demeni Allah katimbang ngile’aken getih yakni mbelih hewan qurban. Sak temene, mbesok ing dalem dino Qiyamat, hewan-hewan Qurban iku teko lengkap kanti sungune, wulune lan kuku-kukune. Sak temene, ganjarane Qurban iku wus tumeko marang Allah sak durunge getihe hewan Qurban mau tumetes marang tanah. Mulo, mbagusono ati siro kabeh”. (HR. Imam Turmudzi).

Hubungan kaliyan fadilah ipun Qurban, Syekh Abdul Qodir Jailani dawuh wonten karyanipun al-Ghunyah bilih: “Nabi Dawud Matur dateng Allah: “Ya Allah, punopo piwalese umat ipun Nabi Muhammad SAW ingkang kerso Qurban?”, selajeng Allah njawab:

 
ثَوَابُهُ أَنْ أُعْطِيَهُ بِكُلِّ شَعْرَةٍ عَلىَ جَسَدِهَا عَشْرَ حَسَنَاتٍ وَأَمْحُوْ عَنْهُ عَشْرَ سَيِّئَاتٍ وَأَرْفَعُ لَهُ عَشْرَ دَرَجَاتٍ أَمَا عَلِمْتَ يَا دَاوُدُ أَنَّ الضَّحَايَا هِيَ اْلمَطَايَا وَأنَّ الضَّحَايَا تَمْحُوْ اْلخَطَايَا
 

Artosipun: “Piwalese yoiku, wong mau tak wei ingdalem saben-saben rambut saking hewan Qurbane, 10 kebagusan, tak lebur 10 kealanan lan tak angkat derajate kanti 10 derajat. Weruho siro He Nabi Dawud:

 
أَنَّ الضَّحَايَا هِيَ اْلمَطَايَا وَأنَّ الضَّحَايَا تَمْحُوْ اْلخَطَايَا
 

Artosipun “Sak temene hewan Qurban iku dadi Tumpaan, lan sak temene hewan Qurban iku nglebur doso-doso lan keolonan”.

Jamaah Jum’ah ingkang minulyo,

Ningali dawuh-dawuh kolowau, sami ugi hubungan kaliyan siyam Tarwiyah soho ‘Arofah, ugi kautamaan ipun Qurban, monggo kita sami ‘azam, sami niyat wonten manah, nglempahi sedaya  kolowau kanti sak kiyat-kiyat ipun. Ingkang kagungan, monggo sami Qurban, sami ugi kaliyan mendo/wedus utawi kaliyan sapi utawi kebo. Qurban meniko hukum ipun Sunah Muakkad ateges sunah ingkang sangat dianjurkan dateng agami.

Mekatekn Khutbah mugi wonten guna lan manfaatipun, Amiiin

أَعُوذُ بالله من الشيطان الرجيم
 
 فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَاهُ ومَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَاهُ
 
باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
 
 
Khutbah II
 
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ، وَنَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ اِلَّاللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَ بَعْدَهُ. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.
 
أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ! اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 
قَالَ اللّٰهُ تَعاَلَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِالِلّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسۡمِ ٱلِلّٰهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيْمِ. إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
 
اَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُـمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةًفِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَ قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَالْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَالْمَوْتِ، اَللّٰهُـمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ. اَللّٰهُـمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
 
 رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
 
عِبَادَالِلّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.
 

Demikian contoh teks khutbah Jumat bahasa Jawa 8 Juli 2022. Teks Khutbah ini ditulis oleh Dr. Miftahul Huda M.Ag, Wakil Ketua Tanfidziah PCNU Ponorogo.***

Editor: R. Nur

Sumber: PCNU Ponorogo


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x