Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Syawal tentang Hablun Minannas Pasca Ramadhan

- 9 Mei 2022, 19:00 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal: Hablun Minannas Pasca-Ramadhan
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Syawal: Hablun Minannas Pasca-Ramadhan /Pexels.com/Pixabay.

Malah, piyambakipun nggih saged nanggung dosa tiyang ingkang dipunsakiti bilih pahalanipun mboten nyekapaken. Telas pahala, dosa nambah. Puniku lah gambaran tiyang ingkang remen nyakiti tiyang sanes mangke ing dinten kiamat.

Mila, ing momentum riyadi puniki, sumangga kita sareng sami-sami ngapuntenaken, nedha pangapunten kalih piyambakipun sedaya ingkang nate kita sakiti lan nyukani pangapunten dhateng tiyang ingkang nate nyakiti kita.

Kenging punapa pangapunten dados wigatos? Amargi dosa salah setunggaling tiyang ingkang dipunlampahaken dhateng sesami manungsa mboten badhe dipun ampuni dening Allah Swt tanpa sukanan pangapunten saking tiyang ingkang nate dipun sakiti. Bilih berdosa dhateng Allah kados nilaraken sholat, mboten siyam, mboten berzakat, utawi malah syirik sapisana, cekap dhateng Allah mawon kita nedha ampun.

Nanging, bilih dosa ingkang kita lampahaken nglibataken manungsa kaliyan nyakiti piyambakipun sedaya, mila kita ugi kedah nedha pangapunten dhateng ingkang sesambetan lan mangsulaken hakipun ingkang sampun kita pendhet.

Imam An-Nawawi lebeting kitabipun “Riyadus Shalihin” medharaken menawi pertaubatan kangge lampahan maksiat ingkang kedados sesami manungsa, dipunlampahaken kaliyan sekawan perangan.

Pertami, bertaubat lan mendel saking lampahan kasebat . Kaping kalih, ndugikaken penyesalan lebet dhiri inggiling kelepatan lan kemaksiatan ingkang nate dipunlampahakenipun. Kaping tiga, berniat saestu kangge mboten mangsuli lampahan kasebat . Lan ingkang pungkasan, inggih punika mangsulaken tanggungan utawi hak-hak ingkang sampun kita pendhet saking tiyang ingkang sampun kita sakiti. lebeting kitabipun, piyambakipun nyerataken dados puniki:

 وأَنْ يَبْرَأَ مِنْ حَقِّ صَاحِبِهَا، فَإِنْ كَانَتْ مَالاً أَوْ نَحْوَهُ رَدُّهُ إِلَيْهِ،

Bilih tanggungan puniku rupinipun banda utawi sajinisipun, mila wajib mangsulaken banda puniku dhateng ingkang berhak.

 وَإِنْ كَانَتْ حَدَّ قَذْفٍ وَنَحْوَهُ مَكَّنَهُ مِنْهُ أَوْ طَلَبَ عَفْوَهُ،

Menawi rupinipun tuduhan zina utawi tuduhan sanesipun, mila kedahipun mencabut tuduhanipun kala-wau saking tiyang puniku, utawi nedha pangapunten kalih piyambakipun.

Halaman:

Editor: R. Nur

Sumber: NU Online


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini