Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Bersyukur

- 28 Maret 2022, 14:54 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Bersyukur
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Bersyukur /unsplah.com/Madrosah Sunnah

Sepindah, monggo kita ngaturaken Alhamdulillahi Rabbil ‘alamin, damel sedaya nikmat ingkang sampun diparingi Allah, sehinggo kita sedaya saget sami-sami sinau agama wonten papan punika.

Kaping kaleh, sholawat lan salam damel junjungan agung kita Nabi Muhammad saw. Nabi utusan Allah ingkang kula lan panjenengan rantos syafaatipun wekdal yaumil qiyamah.

Para rawuh rahimakumullah..

Nikmat ingkang sampun diparingi Allah katah sanget lan mboten saget kita itung. Nikmat kasarasan, nikmat kasugihan, nikmat dahar lan ngunjuk, kaleh ingkang paling penting lan utama yaiku nikmat iman kaleh islam.

Kula lan panjenengan sedaya sampun kedah bersyukur kaleh nikmat-nikmat Allah. Nopo mawon ingkang saget kita mlampahaken damel bersyukur dumateng Allah?

Kaping setunggal, ngaturaken Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Kalimat tahmid menika kalimat pujian dumateng Allah.

Tegesipun matur kalimat tahmid yaiku,  kita sedaya emut menawi nikmat niku saking Allah. Mboteng namung saking usaha kita.  

Ingkang kaping kaleh, kita saget berbagi marang lintune damel nikmat ingkang sampun keparingan dumateng kita. Misalipun kaleh kesarasan, kita saget mbiyantu tenaga marang tiyang intune ingkang kasisahan. Kaleh dhaharan lan ujukan ingkang kita kagungan, kita saget maringi marang tiyang lintu ingkang kekirangan dhaharan.

Bapak Ibu sedaya..

Kaleh bersyukur, Allah badhe nambah nikmat panjenengan, Kita sedaya kedah pinter-pinter bersyukur lebet kawontenan nopo mawon.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x