Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Pengajian Bulan Ramadhan

- 15 Maret 2022, 22:36 WIB
Pranatacara Bahasa Jawa pengajian bulan Ramadhan
Pranatacara Bahasa Jawa pengajian bulan Ramadhan /R.NUR/R.NUR/BERITA MATARAMAN

Dumateng jamaah sholat Isya soho Tarawih ingkang dirahmati Allah Swt.

Ingkang sepindah, monggo kito panjataken raos puji syukur dumateng ngarsanipun Allah Swt ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan.

Sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget nindakaken ibadah sholat isya’ soho tarawih kanti berjama’ah, mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugi-mugi kunjuk dumateng Nabi Muhammad Saw, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

Wonten mriki, kuwulo badhe ngaturaken pinten-pinten kawuningan:

Kawuningan ingkang kaping setunggal, bilih infak panjenengan sami ngatos dalu puniko pikantuk (....) mugi-mugi infak panjenengan sami angsal piwales langkung sae dumateng Allah Swt.

Kawuningan ingkang kaping kalih, ingkang badhe ngaturaken kultum utowo pengajian wonten ing dalu puniko inggih punoko bapak (.....) saking (.....) dumateng panjenengan ipun bapak (.....) wedal soho panggenan kawulo sumanggaaken.

Mekaten kawuningan saking kawulo, Mugi-mugi pengajian utowo kultum ing ndalu puniko beto kesaenan dumateng kito sedoyo.

Cekap semanten. Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agungipun samudro pangaksami.

Wassalamu'alaikum warahmatullahhi wabarakatuh.

Halaman:

Editor: R. Nur


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini