Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keutamaan Puasa Ramadhan, Cocok Disampaikan di Bulan Puasa

6 April 2022, 08:01 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keutamaan Puasa Ramadhan, Cocok Disampaikan di Bulan Puasa /pexels/David McEachen/

BERITA MATARAMAN – Inilah teks khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang keutamaan puasa Ramadhan.

Teks khutbah Jumat Bahasa Jawa keutamaan puasa Ramadhan ini sangat cocok untuk disampaikan di bulan puasa.

Teks khutbah Jumat Bahasa Jawa berikut ini ditulis oleh Muqorrobin, Wakil Katib PCNU Ponorogo.

Baca Juga: Naskah Kultum Ramadhan Singkat 5 Menit tentang Dunia

Langsung saja, berikut ini teks khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang keutamaan puasa Ramadhan yang dilansir dari situs nuponorogo.or.id.

اَلْخُطْبَةُ الأُولَى

اَلْحَمْدُ ِللَّهِ الَّذِى أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْـمَانِ وَاْلإِسْلاَمِ, وكَتَبَ عَلَيْنَا الصِّيَامَ اَلَّذِى هُوَ رُكْنٌ مِنْ أَرْكَانِ اْلاِسْلاَمِ, أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً أَدَّخِرُهَا لِيَوْمِ الزِّحَامِ, وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلدَّاعِى بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّلاَم. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وعَلَى آلِه وأصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ.

أمَّا بعْدُ, فيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الأَثَامِ تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِسَلاَمٍ, وَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى  يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh…

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Alhamdulillah, kitho taksih dipun takdir pepanggihan kalian Sayyid Asy-Syuhur (pimpinan ipun wulan) inggih meniko wulan Romadhon. Kathah sanget tyang sepuh, family, kerabat, tanggi tepalih, tuwin sahabat-sahabat  kitho engkang wonten tahun meniko mboten dipun takdir malih sesarengan kitha kepanggih wulan Romadhon.

Wulan agung, wulan berkah, ganjaran amal dipun tikelaken, ibadah sunnah kareken ibadah wajib, ibadah wajib setunggal kareken 70 ibadah wajib. Wulan panggenanipun lailat al-Qodr, taat dipun tampi, dungo dipun sembadani, doso-doso dipun ampuni, lawing suwargo dipun bikak, lawing neroko dipun tutup, syetan-syetan dipun belenggu tuwin suwargo merindukan umat Muhammad. Menikola pangebang-ngebangipun Alloh wonten wulan Romadhon.

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh…

Sak lebetipun wulan Romadhon wonten ibadah kaleh ingkang mbedani kalian wulan-wulan sanesipun, yakni poso wajib tuwin sholat tarawih. Alloh swt sampun ngendiko ngengingi wajibipun siyam.

يَأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ. أَيَّامًا مَعْدُوْدَاتٍ…

“He eling wong kang podo iman, diwajibne marang siro kabeh poso koyo olehe diwajebne marang wong-wong kang sak dirunge siro kabeh, supoyo siro kabih taqwa marang Alloh. Yo iku ono ing dino-dino kang wus ditentuake wilangane…..” (Al-Baqoroh: 183)

Kasebat wonten kitab Taurot lan Injil, bilih kaum Yahudi zaman rumiyen sami nindaaken siyam sedinten sedalu, mboten dahar lan ngunjuk kejawi namung sepindah. Kaum Nasroni zaman rumiyen, pendito-pendito nipun sami andamel aturan siyam piyambak-piyambak. Wonten engkang siyam daging (tarak daging), wonten engkang siyam ulam (tarak iwak). Wonten engkang siyam tigan (tarak telur), lan ugi wonten engkang siyam supados berhala engkang dados sesembahanipun mboten bendu utawi murko.

Alhasil, sedoyo agami ngakeni kesaenanipun siyam. Mung mawon toto coronipun engkang benten-benten.

أَلصَّوْمُ عِنْدَ الشَّرْعِ إِمْسَاكٌ عَنْ مُفْطِرٍ بِنِيَّةٍ مَخْصُوْصَةٍ جَمِيْعَ نَهَارٍ

“Siyam miturut syara’ enggih puniko nilar dahar lan ngunjuk tuwin sedoyo perkawis engkang mbatalaken, milai medal fajar shodiq (shubuh) ngantos surupe srengenge (maghrib) kanthi niyat siyam.”

Ma’asyirol muslimin hafidho kumulloh…

Kanjeng Nabi Muhammad nampi perintah siyam Romadhon meniko wonten wulan Sya’ban tahun kalih hijriyyah. Lajeng wonten tahun meniko panjenenganipun kalian poro shohabat sami nindaaken siyam Romadhon. Miturut qoul masyhur, Kanjeng Nabi menangi wulan Romadhon sangang (9) ambalan. Sangang Romadhon meniko engkang umuripun 30 dinten meniko namung setunggal Romadhon. Ingkang 8 Romadhon umur ipun 29 dinten.

Sulthonul ‘Ulama’ ‘Izzuddin Abdul Aziz Ibn Abdis Salam As-Sulami wonten ing kitabipun, Maqoshidush Shoum, nyebataken keutamaanipun siyam, ing antawis ipun:

Ngluhuraken derajat

رَفْعُ الدَّرَجَاتِ

Wonten hadits-hadits dipun sebataken, bilih wenawi wulan Romadhon dugi lawangipun langit dipun bikak, lawangipun neroko dipun tutup, tuwin syetan-syetan dipun blenggu utawi dipun bondo. Lawang royyan (lawangipun suwargo) namung bade dipun lebeti tyang engkang nindaaken siyam. Gondo basinipun tyang engkang siyam langkung wangi tinimabang wanginipun minyak kasturi. Moloikat sami dungaaken rohmat soho maghfiroh dateng tyang engkang siyam naliko ngadepi jamuan makan, sedeng piyambakipun tetep siyam.

Nglebur doso kesalahan

تَكْفِيْرُ الْخَطِيْئَاتِ

Kanjeng Nabi dawuh:

وَرَمَضَانُ إلَى  رَمَضَانَ؛ مُكَفِّراتٌ مَا بَيْنهُنَّ إذَا اجْتَنَبْتَ الكْبَائِرَ (أخرجه أحمد)

“Romadhon teko Romadhon iku biso ngebur doso antarane, yen siro ngeduhi doso gede.” HR. Ahmad

Ngancuraken nafsu syahwat

كَسْرُ الشَّهَوَاتِ. فَإنَّ الْجُوْعَ وَالظَّمَأَ يُكَسِّرَانِ شَهْوَةَ الْمَعَاصِى

Luwe lan ngelak iku biso mecah utowo nyegah syahwate maksiat

Dorong ngathah-ngathahen sedekah

تَكْثِيْرُ الصَّدَقَاتِ

Tyang engkang siyam naliko luwe piyambakipun mesti kemutan tyang fakir engkang keluwen, lajeng ndorong paring sedekah. Nabi Yusuf as. bade mboten dahar menawi tyang-tyang engkang berhubungan kalian piyambakipun dereng dahar. Naliko dipun dangu, panjenenganipun njawab: yen aku wareg disik, aku khawatir nglalekne wong kang luwe.

Dorong ngathah-ngathaken taat

تَوْفِيْرُ الطَّاعَاتِ

Tyang engkang siyam naliko luwe banjur kemutan dateng luwe lan ngelak ipun penduduk neroko. Lajeng gumregah ngathah-ngathaken taat supados selamet saking sikso neroko.

Nyukuri dateng Alloh engkang mangertosi lembutipun nikmat

شُكْرُ عَالِمِ الخَفِيَّاتِ

Tyang poso menawi ngraosaken luwe lan ngelak lajeng sadar kemutan dateng dzat engkang paring nikmat wareg lan seger. Banjur syukur dateng Alloh. Kados pundi berharganipun nikmat warek tuwin seger meniko.

Nyegah maksiat tuwin melanggar syariat

الإِنْزِجَارُ عَنْ خَوَاطِرِ الْمَعَاصِى وَالُخَالَفَاتِ

Watakipun nafsu meniko menawi wareg tamtu drumbo dateng maksiat. Sebalik ipun menawi luwe lan ngelak tamtu nafsu bade lemah nindaaken maksiat tuwin melanggar syariat.

Sehat akal tuwin sehat badan

صِحَّةُ الْأَذْهَانِ وَسَلَامَةُ الْأَبْدَانِ

Kodos dawuhipun Kanjeng Nabi:

صُوْمُوْا تَصِحُّوْا (رواه الطبراني)

“Poso’o siro kabeh, mongko bakal sehat.”

Mugi-mugi siyam kitho saget nglebur doso, ngluhuraken drajat, nggugah kepedulian social tuwin soyo sehat jasmani lan ruhani kitho. Aamiin.

وَاللَّهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى يَقُوْلُ, وَبِقَوْلِهِ يَهْتَدِى الْمُهْتَدُوْنَ. أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنّ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِى أُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقّانِ.  فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِاْلُقْرءَانِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهٗ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

أَلْخُطْبَةُ الثَّانِيَّةُ

أَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا   أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى. يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ. وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِىٍّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزِّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ. وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَائَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ارْفَعْ وَادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالْغَلَاءَ وألطَّاعُوْنَ وَقَرَنَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً. يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ سَلِّمْنِى لِرَمَضَانَ وَسَلِّمْ رَمَضَانَ لِى وَسَلِّمْهُ لِى مُتَقَبَّلٌا. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Baca Juga: Naskah Khutbah Bahasa Jawa tentang Ramadhan, Mapak Wulan Suci Ramadhan 1443 H 

Demikian teks khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang keutamaan puasa Ramadhan. Semoga bermanfaat.***

Editor: R. Nur

Sumber: NU Ponorogo

Tags

Terkini

Terpopuler